Kak tolong bantu terjemahin ya!!​

Berikut ini adalah pertanyaan dari chantikamareta pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Kak tolong bantu terjemahin ya!!​
Kak tolong bantu terjemahin ya!!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngartekake aksara Jawa

Insiyur Sukarno putra saka sukemi sasro diharjo lan Ida ayu joman Rai. Lair ana ing Blitar nalika tanggal 6 Juni 1901. Ramane dadi guru ana ing Surabaya, dene ibune asale saka Buleleng Bali.

Nalika isih timurSukarno manggon ing Tulungagung nderek eyange. Wektu umur 14 taun diajak kancane ramane kang asma Umar Said Cokro Aminoto di sekolahake ana ing Surabaya....

__________________

Pembahasan

Wacana ing dhuwur nggunakake aksara swara, aksara murda, lan aksara angka.

Mangerteni aksara swara, aksara murda lan aksara angka.

A. Aksara swara

Mangerteni tegese aksara Swara

Aksara swara yaiku aksara kang digunakake kanggo nulis huruf vokal.

Mangerteni wujud lan cacahe aksara swara

➡️ Aksara swara cacahe ana 5 :

  • A = ꦄ
  • I = ꦇ
  • U = ꦈ
  • E = ꦌ
  • O = ꦎ

Mangerteni paugerane aksara swara

➡️ Paugerane aksara swara :

  • aksara swara mung ditulis ing wiwitaning Tembung.
  • aksara swara ora kena diwenehi sandhangan swara.
  • saben wiwitan ukara kudu ditulis nganggo aksara swara.
  • sing oleh ditulis nganggo aksara swara mung aksara gedhe

___________

B. Aksara murda

yaiku aksara sesirah kang sinebut huruf kapital. Aksara murda uga digawe kanggo pakurmatan utawa menghormati lan lumrahe kanggo nulis jenenge wong, pangkat lan drajat sarta papan panggonan.

➡️ Aksara murda cacahe ana 8 :

  • Ka = ꦑ
  • Na = ꦟ
  • Ta = ꦡ
  • Sa = ꦯ
  • Pa = ꦦ
  • Nya = ꦘ
  • Ga = ꦓ
  • Ba = ꦨ

➡️Paugerane aksara murda :

  • ora kena dadi sesigeg ing wanda
  • ora kena dipangku lan ora kena dipasangi
  • ditulis mung sepisan aksarane saben sak tembung
  • kapisan sing manggon ing ngarep, menawa ora ana bisa aksara mburine lan sakteruse

__________

C. Aksara angka

Aksara angka yaiku aksara kang digunakake kanggo nulis angka jawa.

➡️ Cacahe aksara angka

  • 0 = ꧐
  • 1 = ꧑
  • 2 = ꧒
  • 3 = ꧓
  • 4 = ꧔
  • 5 = ꧕
  • 6 = ꧖
  • 7 = ꧗
  • 8 = ꧘
  • 9 = ꧙

➡️ Paugeran aksara angka :

  • menawa nulis aksara kudu diwenehi tandha ( : : ), minangka kanggo tetenger menawa iku aksara angka, supaya bedha karo aksara liyane, amerga aksara angka ana sing padha wujude karo aksara liyane.
  • tandha ( : : ) arane tandha pangkat sing gunane kanggo pangapit.

★ catetan

huruf utawa angka sing diwenehi garis ngisor iku sing nggunakake aksara swara, aksara murda lan aksara angka.

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 9
  • Materi : Nulis aksara Jawa
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 22 Aug 22