tuliskan pengalaman pribadi mu cerita panjang dengan bahasa Jawa​

Berikut ini adalah pertanyaan dari izza54006 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Tuliskan pengalaman pribadi mu cerita panjang dengan bahasa Jawa​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

"PENGALAMAN KU NALIKA ING PANTAI BARON"

Cerito pengalamanku wayah SD aku lan keluarga ku mlaku-mlaku menyang pantai baron. Aku lungane nggunakne mobil pribadi. Dalan aku menempuh 2 jam, aku mangkat saka ngomah jam 6.00 esuk nganti dikana jam 8 (wolu) isuk. Wayah kuwi jalane isih ala dadi lakune suwe banget.

Neng tengah ndalan aku ndeleng pemandangan kiwo tengen sing katon nyenengke (menyenangkan). Sangantine ketuk kana aku ndeleng akeh wong sing lagi adus. Banjur aku genti kelambi. Genti kelambine kudu neng kamar mandi sing akeh disewakake ing pinggiran pantai baron. Dumadakan wektu aku mlebu menyang kamar mandi ambune wc ne koyo ora diresiki setaun. Aku banjur genti kelambi wedine aku semaput neng jero kamar mandi banjur metu.

Aku langsung mlayu nuju pantai lan nglangi, aku lagi asik nglangi bapak ku nyeluk dikongkon mangan lan aku kandha mengko dhisik. Sawise saerntara wektu nglangi banjur aku seren dhisik mergo ngelih banget. Beruntung aku isih komanan pithik bakar sing digawa saka ngomah karo Ibuk. Saentek mangan aku nyewa ban fuso sarega 10.000 nuli aku nglangi meneh nggunakne ban kui. Dumadakan aku ora ngerti yen kakangku ugo nglangi neng cedhak ku. Aku dikerjani ro kakang aku di blebek-blebeke ing njero banyu, irunglu jelas kelebonan banyu segara, rasane perih banget lan asin neng ilat.

Banjur aku diceluk maneh ro bapak turene aku gelem numpak prau ora, aku banjur jawab gelem. Aku mlayu wedi yen keri lan aku munggah prau sing penumpange ana wong 15, banjur prau kuwi dilakoke ngubengi pulau. Ora krasa wayah wis sore, banyu segara anyak pasang. Aku wis mraune wedine yen klelep lan aku genti kelambi banjur mulih. Ora krasa aku teras turu neng njero mobil, anehe rasane cepet banget anggone perjalanan. Tangi-tangi aku wis ana neng ngarep ngomah lan digugah ibuk kon mudun.

Penjelasan:

▪︎Ini kata prakatanya/cerita ringkas"nya =

Pengalaman liburan yang menyenangkan bahasa jawa ngoko iki tak tulis wektu aku SMP. Nang wayah aku SMP aku lunga meneh menyang pantai baron ning aku mangkate ora ro keluarga ku. Mangkate karo kanca-kanca sak sekolahan. Aku mangkat nggunakne bis, aku mangkate gebug 8 neng tengha ndalan aku kaget mergo dhisik pas aku SD dalane ala saiki kok wis alus kaya ring road wae.

Wektu aku liburan ro konco-konco iki perjalanane mug mangan wektu sejam (1 jam). Sanganti ketuk kana owah-owahane pirang-pirang wong sing berlibur dhisik pas wayah SD ora ana water bom pas wayah SMP wis ana.

Banjur genti kelambi menyang WC ora mambu kayak dhisik. Aku banjur mlayu neng pantai lan nglangi karo kanca-kanca. Ora suwe banjur kanca-kanca ngajak dolanan water bom, aku kandha yo. Pengalaman ku sing paling medheni yaiku munggahi waterboom ora krasa wayah wis sore. Aku diceluk padha bapak guru nuli aku genti kelambi lan banjur mulih.

Jawaban:

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh yunimarwan77 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 23 Feb 22