Prabu Dasarata kagungan mitra kenthel, peparabe Jathayu ya Sang Kagendra.

Berikut ini adalah pertanyaan dari elgannur pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Prabu Dasarata kagungan mitra kenthel, peparabe Jathayu ya Sang Kagendra. Jathayu mau minangkarajaning peksi. Jathayu iku sing ngonangi nalika Sinta utawa garwane Raden Ramawijaya kadhustha Prabu
Rahwana ing negara Alengkadiraja. Jathayu banjur enggal ngrebut Sinta saka regemaning Rahwana. Jathayu
kalindhih kentekan daya, mula Jathayu kalah. Swiwine sisih kering tugel sengkleh, wulune dibrondholi,
katendhang kumleyang ing awang-awang, tiba ing lemah nganti kejet-kejet klebekan. Rahwana saya cepet
lakune anggone ndhustha Sinta. Sinta kelaran, kabeh perangan awake krasa lara. Satemene Sinta pengin
uwal, nanging sansaya kenceng anggone nyikep Rahwana. Wusana amung bisa nangis melas asih njaluk
tulung ngrerintih sedhih. Sekar cundhuk mentul, gelang, kalung padha tiba kocar-kacir.
Pitakon ngisor iki wangsulana apancadaan paragraf ing dhuwur!
a. Prabu Rahwana iku narendra ing ngendi?
b. Sapa sing ngonangi nalika Sinta kadhustha dening Rahwana?
C. Dewi Sinta iku sejatine garwane sapa?
d. Apa sebabe Jathayu nganti kentekan daya?​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

a. Prabu Rahwana iku narendra ing ngendi?

➡️ Narendra ing negara Ngalengkadiraja.

b. Sapa sing ngonangi nalika Sinta kadhustha dening Rahwana?

➡️ Peksi Jathayu.

c. Dewi Sinta iku sejatine garwane sapa?

➡️ Garwane Prabu Ramawijaya.

d. Apa sebabe Jathayu nganti kentekan daya?

➡️ Jathayu kentekan daya amarga arep ngrebut Sinta saka Rahwana nanging kalindhih, swiwine sisih tugel sengkelh, wulune dibrondholi, tiba ing lemah, wusanane kalah.

Penjelasan

  • Tegese tembung angel :

1. Narendra tegese mimpin.

2. Apancadaan tegese adhedhasar.

3. Kadhusta tegese dicolong, diculik.

4. Garwane tegese bojone.

5. Awang-awang tegese langit.

6. Sengkleh tegese rusak, tugel, pedhot.

7. Regemaning tegese cekelane.

8. Peksi tegese manuk.

9. Uwal tegese obah, ucul.

10. Mitra kenthel tegese kanca cedhak.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Rahwana, Sinta, Rama, Jathayu, lsp

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 07 Jul 21