6. Kula kala wingi sumerep panjenengan... dalemipun pak lurah, menapa

Berikut ini adalah pertanyaan dari silvya42 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

6. Kula kala wingi sumerep panjenengan... dalemipun pak lurah, menapa panjenenganipun sampun....Ukara iku ganepana supaya dadi basa krama alus sing bener !

a. kesah, wangsul

b. tindak, wangsul

c. tindak, kondur

d. kesah, kondur

7. Pacelathon sing ditindakake
(1) wong enom marang wong tuwa,

(2) murid marang gurune, lan

(3) batur marang ndarane lumrahe abasa....

c. krama lugu

d. krama alus

a. ngoko lugu

b. ngoko alus

Bapak: "Becike silaturahmi ning ngendi dhisik Bu?"
Ibu: "Apike ya sing cedhak dhisik wae ya Pak."

Kekarone anggone pacelathon migunakake basa

a. ngoko lugu

b. ngoko alus

c. krama lugu

d. krama alus
Bapak: Lha aku piye Bune?"
Ibu "Ya ngagem ageman mau wae Pak ah, sing ngumbahi kuwi lho mesakake". Ibu anggone ngendikan karo bapak migunakake basa....

a. ngoko lugu

b. ngoko alus

c. krama lugu

d. krama alus

10. Sing diprentah sapa, Bu ? Basa krama aluse....
a. Ingkang dipunutus sinten, Bu?
b. Ingkang dipunkengken sinten, Bu?
c. Sing diutus sapa, Bu?
d. Sinten ingkang dipunutus?

12. Eyang: "Tan, kowe karo bapakmu lagi ngapa?

Intan : "kula nembe ... bapak nembe ...

a. mangan, nedha

b. nedha, nedha

c. dhahar, nedha

d. nedha, dhahar.​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

6. C. Tindak, kondur.

  • Tindak lan kondur kalebu basa Krama alus.

7. D. Krama alus.

8. A. Ngoko lugu.

9. B. Ngoko alus.

  • Ngagem, ageman iku basa Krama Alus. Mula, yen kecampuran Ngoko jenenge Ngoko Alus.

10. A. Ingkang dipunutus sinten, Bu?

12. D. Nedha, dhahar.

  • Amarga saka ukarane basa krama, mula yen "aku' nganggo Krama lugu yaiku "nedha", dene bapak nggunakake "dhahar".

Penjelasan

{Unggah-ungguh basa Jawa}

Ngoko Lugu

» Wujud basane kanthi tembung-tembung ngoko kabeh ora kacampuran tetembungan krama.

Tuladha :

1. Aku mengko sore dolan menyang omahmu ya?

2. Nik, jupukna majalah sing ana ing meja kae!

Ngoko Alus

» Wujud basane kanthi tembung-tembung ngoko nanging kacampuran tetembungan krama inggil sawatara. Dene tembung sing perlu dikramakake yaiku wonge, tumindake, lan barang kang dadi duweke.

Tuladha :

1. Pak, yen sida tindak Yogya, nitih bis wae!

2. Pak, panjenengan mengko sida mundhutke buku Toni?

Krama Lugu

» Wujud basane kanthi tembung-tembung Krama lugu ora dicampuri tetembungan Krama inggil apadene ngoko.

Tuladha :

1. Mangga, nak mlebet rumiyin.

2. Griya sampeyan pundi, Sri?.

Krama Alus

» Wujud basane kanthi tembung-tembung Krama Alus kabeh ora kacampuran tetembungan Krama lugu. Dene tembung sing perlu dikramakake yaiku wonge, tumindake, lan barang kang dadi duweke.

—☆ Panganggone beda-beda, tumrap :

1) Wong sing sadrajad utawa padha pangkate, sing padha ngajeni

2) Wong sing luwih dhuwur drajate

3) Wong luhur kang durung nate tepung lan durung akrab

4) Wong enom marang wong tuwa

Tuladha :

1. Dalemipun panjenengan wonten pundi?

2. Bu, panjenengan dipundhawuhi eyang sowan mrika sakmenika.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 1 - Unggah-ungguh basa

Kata Kunci : Krama alus, pacelathon, Ngoko lugu, lsp

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.1

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 01 Aug 21