Tembung-tembung iki tulisen maneh ngnggo basa kromo inggil !1. Bu,..

Berikut ini adalah pertanyaan dari auliamunawaroh4 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Tembung-tembung iki tulisen maneh ngnggo basa kromo inggil !1. Bu,.. Dina iki kepena'e masak opo yo.. ayo ta rewangi mumpung aku prei.. sekolah ?

2. Pak Dhe, aku ora bisa melok lungo menyang Malang, sebab tugas sekolahku Durung mari.

3. Bu,... aku njaluk dhuwite selawe ewu rupiah kanggo urunan perpisahan ning sekolah

4. Pak Guru,... sepurane, aku wingi dina senin ora iso teko sekolahan melu ulangan
Amergo Nunggu ibuku lagi loro ning rumah sakit.

5. Bu lik.., ibuku mau pesen yen sido nang pasar , ibu kate titip tukokno beras limang kila
gulo telung kilo. Iki dhuwite satus ewu rupiah.

6. Eyang kakung,.. sampeyan mau bengi turu ning ngendi ? tak gole i ning kamar kok ora
Ono... iki wedange lan mangane !...

Pliss jawab yang benar ya
terimakasih​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

1. Bu,.. Dina iki kepena'e masak opo yo.. ayo ta rewangi mumpung aku prei.. sekolah ?

➡️ Krama Alus : Bu, dinten Niki sekecone masak menapa nggih... Monggo Kula rencangi mumpung Kula kendel sekolahipun.

2. Pak Dhe, aku ora bisa melok lungo menyang Malang, sebab tugas sekolahku Durung mari.

➡️ Krama Alus : pakdhe, Kula mboten saged nderek tindak dhateng Malang, amargi tugas sekolah Kula dereng rampung.

3. Bu,... aku njaluk dhuwite selawe ewu rupiah kanggo urunan perpisahan ning sekolah

➡️ Krama Alus : Bu, Kula Nyuwun artanipun selangkung ewu rupiyah damel urunan perpisahan dhateng sekolah.

4. Pak Guru,... sepurane, aku wingi dina senin ora iso teko sekolahan melu ulangan

Amergo Nunggu ibuku lagi loro ning rumah sakit.

➡️ Krama Alus : pak guru, Nyuwun Pangapunten, Kula kalawingi dinten Senen mboten saged dugi sekolahan nderek ulangan, amargi nenggo ibu Kula ingkang saweg gerah dhateng griya sakit.

5. Bu lik.., ibuku mau pesen yen sido nang pasar , ibu kate titip tukokno beras limang kila

gulo telung kilo. Iki dhuwite satus ewu rupiah.

➡️ Krama Alus : Bu Lik...ibu Kula wau pesen Menawi siyos dhateng peken, ibu badhenipun nitip pundhutaken uwos gangsal kilo, Gendhis tigang kilo. Menika artanipun setunggal Atus ewu rupiyah.

6. Eyang kakung,.. sampeyan mau bengi turu ning ngendi ? tak gole i ning kamar kok ora

Ono... iki wedange lan mangane

➡️ Krama Alus : eyang Kakung.. panjenengan kala wau Dalu sare dhateng pundi ? Kula padosi dhateng kamar kok mboten wonten ... menika wedhangipun kaliyan dhaharanipun.

Pembahasan

➡️ Unggah ungguh basa wonten 4 :

1️⃣ Basa Ngoko lugu

yaiku basane Ngoko nanging ora dicampur karo basa Krama Alus.

>> tuladha :

  • aku njaluk duite Bu, gawe tuku jajan
  • sesuk Sido Melu apa ora dolan ing Simbah
  • lsp

2️⃣ Basa Ngoko Alus

yaiku basane Ngoko nanging wis kecampur antara basa Ngoko lan Inggil.

>> tuladha :

  • budhe mau ditimbali ibu kengken mrana.
  • paklik isih sare Merga sayah nyambut gawe
  • lsp

3️⃣ Basa Krama lugu

yaiku basane Krama nanging ora dicampur karo basa Ngoko lan Krama Alus

>> tuladha :

  • sampeyan siyos ningali bal Balan Wingi Dalu?
  • sukune bapak taksih sakit amarga dhawah saking sepedha.
  • lsp

Detail Jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode kategorisasi : 7. 13. 1

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 30 Jul 21