Rakiten ukara-ukara ing ngisor iki supaya dadi crita sing apik

Berikut ini adalah pertanyaan dari Febriyantsafira8060 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Rakiten ukara-ukara ing ngisor iki supaya dadi crita sing apik !a.Nalika kabeh padha sare,Bale Sigala-gala banjur diobong
b.Kurawa wis nyiapake Bale Sigala-gala kanggo nyingkirake Pandhawa
c.Pandawa lan ibu Kunthi bisa uwal saka bebaya
d.Pandhawa lan Ibu kunthi lelana menyang Waranawata

Tolong jawab secepatnya!

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Ngurutake crita :

b. Kurawa wis nyiapake Bale Sigala-gala kanggo nyingkirake Pandhawa. (1)

a. Nalika kabeh padha sare, Bale Sigala-gala banjur diobong. (2)

d.Pandhawa lan Ibu kunthi lelana menyang Waranawata. (3)

c. Pandawa lan ibu Kunthi bisa uwal saka bebaya. (4)

Penjelasan

  • Pethikan crita 'Kurawa Kawirangan' :

Ing wektu kang wis ditemtokake, nalika rembulan ndadari sumunar padhang, Kurawalan Patih Sengkuninindakake culikane. Purucana diutus ngobong Bale Sigala-gala nalika kabeh padha turu kepati, sauntara Kurawa padha njagani ing sajabane.

Temenan, sedhela bae Bale Sigala-gala dadi geni mangalat-alat. Bale kang digawe saka damar mau mulad-mulad kobar. Hawa panas lan beluk kandel, nangekake para Pandhawa. Bima enggal nggendhong Nakula lan Sadewa. Arjuna golek dalan kanggo uwal saka geni. Puntadewa nggandheng Ibu Kunthi.

Dumadakan ana garangan putih mlebu ing leng kang digawe dening Kanana. Pandhawa lan Ibu Kunthi ngetutake garangan putih mau. Slamet, waras wiris ora nandang apa-apa. Metu saka trowongan wis ana ing sapinggire alas Waranawata. Garangan putih mau ora liya Hyang Antaboga kang nedya mitulungi Dewi Kunthi lan para Pandhawa.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 5

Materi : Piwulang 7 - Kabudhayan Jawa

Kata Kunci : Bale sigala-gala

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 5.13.7

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 08 Jul 21