Guru ingkang asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar kagungan budi

Berikut ini adalah pertanyaan dari mohonbantuannya10 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Guru ingkang asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar kagungan budi wicaksana. Dene muridipun nama Ni Endhang Ariwulan ingkang elok lan ayu.Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso ingkang biyasanipun kangge nyigar pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen wayah dalu. Kanthi ati kapeksa, piyambakipun matur dhateng Ki Hajar supados kersa ngampili peso. Ki Hajar kaget, nanging amargi sampun mepet wekdalipun, peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados ngatos-atos lan sampun ngantos peso kaselehaken ing pangkon.

Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten pangkonipun. Sanalika peso ical. Ni Endhang ngadhep Ki Hajar rumaos lepat, nanging ingkang dipunlapuri boten duka.

Sawetawis dinten, Ngasem geger amargi Ni Endhang Ariwulan nggarbeni. Ki Hajar Salokantara banjur dhawuh Ni Endhang ngadhep. Ki Hajar badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi pirantiawujud gentha utawa klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang bayi.

APA PIWELINGE KI AJAR MARANG NI ENDHANG BAB PESO???
bamtu pls

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Apa piwelinge Ki Ajar marang Ni Endhang bab peso?

➡️ Ki Ajar aweh piweling marang Ni Endhang yen nggunakake peso ne kanthi ngati-ati lan aja nganti peso iku diselehake ing pangkon.

Penjelasan

  • Wangsulan (basa krama) : Ki Ajar paring piweling dhateng Ni Endhang menawi ngagem peso nipun kanthi ngatos-atos lan sampun ngantos peso punika kaselehaken ing pangkon.

Ing paragraf 2, bisa dimangerteni isine saka Ki Ajar aweh piweling bab peso.

>> "Ki Hajar kaget, nanging amargi sampun mepet wekdalipun, peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados ngatos-atoslansampun ngantos peso kaselehaken ing pangkon."

» Tegese tembung angel :

  1. Wanti-wanti tegese diwenehi weling temenan.
  2. Ngatos-atos tegese ngati-ati.
  3. Kaselehaken tegese diselehake.
  4. Kesupen tegese lali.
  5. Dipuncawisake tegese disedhiyakake.
  6. Ngampili tegese nyilihi.
  7. Lepat tegese salah.
  8. Rumaos tegese ngrasa.
  9. Duka tegese nesu.
  10. Dhawuh tegese prentah.
  11. Ical tegese uwal, obah, ucul.
  12. Tapa brata tegese meneng dedonga kanggo nahan hawa nepsu.
  13. Dipunparingaken tegese diwenehake.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Piwelinge Ki Ajar marang Ni Endhang

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 03 Aug 21