Pangkur sekar pangkur kang winarna lelabuhan kang kanggo wong ngaurep ala lan becik

Berikut ini adalah pertanyaan dari batara3407 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Pangkursekar pangkur kang winarna
lelabuhan kang kanggo wong ngaurep
ala lan becik puniku
prayoga kawruhana
adat waton punika dipun kadulu
miwah ta ing tata krama
den kaesthinsiyang ratri
tembang punika watake

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ Tembang punika watake sereng, nepsu, antepan ati, lan gagah, mula lumrah kanggo nyritakake wong kang nesu lan kahanan paperangan.

Penjelasan

  • Tembang ing dhuwur kalebu tembang pangkur.

Sekar pangkur kang winarna

lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

ala lan becik puniku

prayoga kawruhana

adat waton puniku dipun kadulu

Miwah ta ing tata karma

den kaesthi siyang ratri.

  • Tegese :

Tembang pangkur kang dicritakake

Jasane kang kanggo wong urip

ala lan becik kuwi

Becike ngertenana

Tata cara lan aturan iku diweruhi

Lan uga ing tata krama

dieling-eling awan wengi.

» Tegese tembung angel :

  1. Sekar : tembang
  2. Winarna : dicritakake, wujude
  3. Lelabuhan : jasa, kabecikan, pengabdian
  4. Prayoga : luwih becik
  5. Kawruhana : ngertenana
  6. Adat : tata cara kang lumrah
  7. Waton :pathokan, paugeran, aturan
  8. Kadulu : dideleng, diweruhi
  9. Miwah : lan, tur, maneh, karo
  10. Den kaesthi : diudi, disinau, dieling-eling
  11. Siyang ratri : awan wengi

>> Sasmita : Pangkur, wuntat, pungkur, ungkur, yudakenaka, ungkur.

>> Falsafah : Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha - padha.

>> Paugeran :

  1. Guru gatra : 7 gatra.
  2. Guru wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
  3. Guru lagu : a, i, u, a, u, a, i

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Watak Pangkur

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 10 Aug 21