Karna Tandhing

Berikut ini adalah pertanyaan dari maiiyraa pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Karna TandhingPerang Bharatayudha tambah dina ora mendha, nanging tan saya sengit lan nggegirisi. Layone prajurit wor suh karo kunarpane para pangeran lan raja wadyabalane Kurawa lan Pandhawa. Ana sing bisa dirukti, disuceni, lan disampurnakake, nanging isih luwih sing ora kaurus. Ambu anyir ludirane prajurit padha campur bawur. Aneng pakuwoning wadyabala padha atetawang tangis, anggetuni sedane para pepundhene.

Adhimas Prabu Yudhistira kudu enggal milih salah siji saka para kadang Pandhawa dadi senopatine perang, nanging Yudhistira rumaos ciut manah kangge nglajengaken perang. Banjur Prabu Kresna netepake Arjuna sing kudu dadi senopati, amarga Kurawa wis netepake Ratu Awangga Karna dadi senopatine.

Ing satengahe palagan Arjuna dielingake yen perang iki dudu perkara sedulur apa dudu sedulur, nanging wujud antara bebener lan kamurkan, perang mbelani hak, lan ngayahi kewajiban, mbelani jejeging nagara. Karna senajan sedulur tuwa sing kebeneran dadi mungsuh uga netepi darmaning satriya utawa males budi marang pawongan sing sasuwene iki wis menehi kamulyan uripe.

Cekake carita aneng satengahing palagan Tegal Kurusetra, katon satriya loro, tan bisa kabedakake, pindah jambe sinigar, pawakane, pasuryane, panganggone, sanjatane. Kekarone mudhun saka kreta. Arjuna ngaturake sembah pangabektine uga nyuwun agunging samodra pangapura sampun kumawani marang seduluran tuwa. Lan ngayahi wajib darmaning satriya

Pungkasane Karna Adipati Karna ambruk kumalasa mental saking kreta sawise panah pasopatine Arjuna nujem ing dhadhane. Ngerteni kahanan kaya mangkono Arjuna gage nulungi lan kekarone padha nyuwun pangapura. Adipati Karna uga pesen yen dheweke ngaturake sembah pangabekti lan nyuwun pangapura amarga durung bisa dadi putra kang tuhu bekti marang Ibu Kunthi. Sabubare iku anggane Adipati Karna mumbul ngawiyat tumuju swarga lan kunarpane Adipati Kara karukti dening para Pandhawa.

Sing kalebu tujuwan perang Bharatayudha, kajaba …

A. Paprangan antarane bebener lan kamurkan
B. Milih kadurakan
C. Mbelani jejeging nagara
D. Paprangan mbelani hak

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

C. Mbelani jejeging negara

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh jelitasibarani6 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 05 Feb 22