nggaweo teks pidato/pranatacara b jwa tema bebas tapi jangan tema

Berikut ini adalah pertanyaan dari dikaputraA pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Nggaweo teks pidato/pranatacara b jwa tema bebas tapi jangan tema perpisahan​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Panjenganipun para pinisepuh sumrambah Bapak/Ibu tamu sinedhahan samudayanipun, ingkang dahat mahambeg sadhu ing budi, sinartan netepi darmaning sasomo.

Kinaryo hamurwani jatining pahemanan pahargyan prasojo, daupnyo sri kabahargyo Roro Ayu dalasan Bagus pinardi purwo-madyo-wusono, hantuk’o jatining karahayon.

Tan kendat handiko sadarum, kawulo derekaken ngunjukaken raos suko dalasan syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Gusti Alloh SWT, ingkang sampun ngluberaken menggah sedoyo nikmat peparingipun mring handiko sedoyo.

Metemah ing swasono puniko, Bapak/Ibu sadarum kanthi nir ing sambikolo, lulus mulyo manggeh raharjo, waget rawuh ing pehemanan, paring panjurung donga pangestu, daupnyo sri kabahargyo manten sarimbit.

Sholawat dalasan salam dening Ngarso Dalem Gusti Alloh SWT, pinaringno dumateng junjungan Kito, kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW, sumrambah sedoyo keluarganipun, shohabatipun, penderekipun sarto umatipun nagntos puputing jaman samangkeh. Aamiin.. Aamiin..Aamiin.. ya Robbal’alamin.

Amit-amit paliman tabik sinabetno ing iloduni, dumawahing tawang towang myang sapu siko dendaning Hyang Kawoso.

Panjenenganipun para pinisepuh, para aji sepuh, ing hanggung pinundhi ing akrami.

Sumrambah Bapak/Ibu tamu sinedhahan ingkang dahat kinurmatan.

Binarung panglik ing waranggono, kalilalono kawulo nedyo hangaturaken jatining rantaman pahargyan prasojo, daupnyo temanten sarimbit.

•Mininongko purwaning pahargyan, pasrahing ponang sarono upokarti salaki rabi. dalasan pasrahing sekar tunjung seto dening baroyo agung kadang besan kinasih Bapak sekalian garwo.

•Rantaman ingkang kaping kalih , atur panampi.

•Titilaksono ingkang ongko tiga, dupi roro ayu wus mangagem busono edi lir putraning narpati, doyo-doyo kalenggahaken ing sasono pinajang.

•Rantaman ingkang ongko sekawan, upocoro panggih temanten.

•Titilaksono ingkang ongko gangsal, atur sinambromo astuti, yo pambagyo harjo yuwono basuki rahayu.

•Kashdo, sabdo tomo.

•Dene kang kaping pitu, bodoling pahemanan.

Jadikan yang terbaik :)

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh elisahzeyhan dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 14 Feb 22