ukara ing ngisor iki owahana supaya dadi

Berikut ini adalah pertanyaan dari srimujiani34 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Ukara ing ngisor iki owahana supaya dadi :A. ngoko alus
B. krama lugu
C. krama alus

soal

1. Ibu metu menyang pasar nggawa tas
2. Pak Lurah mlaku-mlaku ndelok wargane
3. Bapak teka Saka sawah terus adus
4. omahe paklik didol nanging durung payu
5. mripate simbah ora kena kanggo ndelok amarga lara


#plissss tolong jawab dong soalnya besok di kumpulin , plissssss​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara dadi ragam basa.

1. Ibu metu menyang pasar nggawa tas.

Ngoko Alus = ibu medal menyang pasar ngasta tas.

Krama lugu = ibu medal ten peken mbektha tas.

Krama Alus = ibu medal dhateng peken ngasta tas.

2. Pak Lurah mlaku-mlaku ndelok wargane .

Ngoko Alus = pak lurah mlampah mlampah mirsani wargane.

Krama lugu = pak lurah mlampah mlampah ningali wargane.

Krama Alus = pak lurah mlampah mlampah mirsani warganipun.

3. Bapak teka Saka sawah terus adus.

Ngoko Alus = bapak rawuh saka sawah terus siram.

Krama lugu = bapak dugi saking sabin lajeng siram.

Krama Alus = bapak rawuh saking sabin lajeng siram.

4. omahe paklik didol nanging durung payu.

Ngoko Alus = daleme paklik disade durung payu.

Krama lugu = griyane paklik disade dereng pajeng.

Krama Alus = dalemipun paklik dipun sade dereng pajeng.

5. mripate simbah ora kena kanggo ndelok amarga lara.

Ngoko Alus = Socane Simbah ora kena kanggo mirsani amarga lara.

Krama lugu = Mripate Simbah mboten saged ningali amargi sakit.

Krama Alus = socanipun eyang mboten saged mirsani amargi gerah.

__________________

Pembahasan

Unggah ungguh basa yaiku aturan adat istiadat ing tlatah Jawa utawa babadan sopan santun, tata krama, tata susila, nanging nggunakake basa Jawa.

Unggah ungguh basa ana 2 :

1. Ngoko :

  • Ngoko lugu
  • Ngoko alus

2. Krama

  • Krama lugu
  • Krama alus

⚫ Ngoko lugu

Basane ngoko, ora kecampuran tembung Krama.

panggonane :

  • padha kanca sadrajat
  • marang wong kang luwih enom

tuladhane :

  • Kowe arep menyang endi?

⚫ Ngoko alus

Basane ngoko, kecampuran Krama Inggil.

sing dikramakne :

  • wonge, umume arupa tembung aran lan tembung sesulih
  • panindake, umume arupa tembung kriya
  • kaduwekane, awujud tembung Aran

panggonane :

  • dulur enom marang dulur tuwa
  • kapernah tuwa nanging derajate luwih dhuwur
  • wong sadrajat kang padha ngajeni
  • ibu marang bapak sing kulina Ngoko

tuladhane :

  • Panjenengan arep tindak menyang endi?

⚫ Basa Krama lugu

Basane Krama, ora dicampur ngokolan krama inggil. Ater ater lan panambange sing dikramakne.

panggonane :

  • wong sadrajat sing durung akrab
  • wong sing durung kenal

tuladhane :

  • sampeyan badhe kesah ten pundi?

⚫ Basa Krama Alus

Basane luwih Alus lan luwih ngajeni, sing dikramakne wonge, panindake lan kaduwekane, nanging awake dhewe ora dikramakne.

→ panggonane :

  • wong enom marang wong tuwa
  • marang wong sing dhuwur drajate

tuladhane :

  • Panjenengan badhe tindak pundi?

Detail Jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 30 Jan 22