12. Ukara ing ngisor iki kang kalebu cangkriman yaiku ....A.

Berikut ini adalah pertanyaan dari sutinahs078 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

12. Ukara ing ngisor iki kang kalebu cangkriman yaiku ....A. Kok njanur gunung temen, isuk-isuk wis tekan kene
B. Pitik walik saba kebon
C. Roning mlinjo, sampun jam sedasa, wancinipun ngaso
D. Aja ngembang jambu ta, ndhuk, sekehe panganan dipangan kabeh​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ukara ing ngisor iki kang kalebu cangkriman yaiku ....

➡️ B. Pitik walik saba kebon.

Penjelasan

  • Pitik walik saba kebon batangane nanas.
  • Kalebu cangkriman pepindhan.

Cangkriman yaiku unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude. Mula saka iku, cangkriman uga diarani bedhekan utawa batangan. Cangkriman iku wujude ana 4, yaiku :

✧ 1. cangkriman sing wujude wancahan (cekakan),

→ Wancah iku tegese cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun saka gatra kang ana.

Tuladha :

  1. Burnas Kopen = Bubur panas kokopen
  2. Pakboletus = Tipak kebo lelene satus

✧ 2. cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban),

→ Cangkriman kang awujud ukara kang memper kaya kanyatane.

Tuladha :

  1. Sega sakepel dirubung tinggi, batangane salak
  2. Gajah nguntal sangkrah, batangane pawonan

✧ 3. cangkriman sing wujude plesetan,lan

→ Cangkriman iki sejatine ukara pranyatan kang bisa gawe bingung yen macane salah.

Tuladha :

  1. Biru bisane dadi wungu dikapakake? (Digebuk)
  2. Wong dodol klapa dikepruki. (Sing dikepruki klapane, dudu wonge)

✧ 4. cangkriman sing sinawung ing tembang.

→ Cangkriman sing kudu dibedhek, nanging lewat wujud tembang.

Tuladha :

Bapak pucung rodho papat bisa mbengung

Wujud kothak dawa

Nguntal barang sakabehing

Yen wes nggereng banjur lunga tanpa kandha.

  • Batangane : trek.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 6

Materi : Piwulang 4 - Cangkriman

Kata Kunci : Cangkriman pitik walik saba kebon

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 6.13.4

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 08 Jul 21