1. Resi Jathayu swiwine sengkleh banjur tiba ana ing lemah

Berikut ini adalah pertanyaan dari kurniawanadiwidodo15 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

1. Resi Jathayu swiwine sengkleh banjur tiba ana ing lemah 2. Piyambake malah diajar dening Prabu Rahwana, 3. Resi Jathayu kanthi sisa dayane nyerang Rahwana, 4. Dewi Sinta kudu kudua uwal saka pancakele Rahwana, nanging tangane Rahwana nggegegi kuat tangane Sinta. Supados dados paragrap ingkang sae, urutanipun inggih menika ..., A.1-2-3-4C. 4-3-2-1
B. 3-2-1-4
D.3-4-2-1​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

B

Penjelasan:

Resi Jatayu salah sawijining paraga ana ing crita Ramayana. Resi Jatayu iku manuk awujud garudha kang duweni watak wicaksana. Dheweke tansah eling marang sang Hyang Agung, mula banjur duweni jejuluk Resi. Resi Jatayu yaiku anak saka Resi Briswawa lan Dewi Brahmanistri. Dewi Brahmanistri yaiku anak wadon saka Dewa Brahma. Dadi, kena disimpulake yen Resi Jatayu yaiku wayahe Dewa Brahma.

Resi Jatayu duwe sedulur telu yaiku Garudha harna, Garudha Brihawan, lan Garudha Sempati. Resi Jatayu nalika isi enom, kekancan raket banget karo Raja Ayodya Prabu Dasarata. Prabu Dasarata iku bapake Prabu Rama. Nalika Dewi Sinta digeret digawa mabur dening Rahwana, Resi Jatayu aweh pitulungan. Resi Jatayu nyamber tangane Rahwana. Resi Jatayu ora tega krungu tangise Dewi Sinta.

Dewi Sinta kudu-kudua uwal saka pancekele Rahwana. Ananging tangani Rahwana nggegengi kuat tangan Sinta. Sinta ora bisa uwal. Kabeh perhiasane padha gogrok tiba ana ing lemah. Resi Jatayu kanthi sisa dayane nyerang Rahwana. Ananging tetep ora bisa. Dheweke malah diajar dening Prabu Rahwana. Resi Jatayu akhire swiwine sengkleh. Dheweke akhire tiba ana ing lemah.

Nalika iku, Rama lan Lesmana bingung golek Dewi Sinta sing ilang saka kemahe. Rama lan Lesmana luru ngubengi alas Dhandaka. Nalika luru, akhire ketemu manuk Jatayu sing lagi sekarat. Rama age-age nulungi. Ananging, kahanane Jatayu wis ora bisa ditulungi. Resi Jatayu sadurunge nemahe seda, wadul marang Rama. Jatayu nyritakake menawa garwane yaiku Sinta diculik dening Raja Alengka Dasamuka. Banjur Resi Jatayu mati.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh khenzatrio2006 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 21 Jun 22