artikan jdi latin plisss​

Berikut ini adalah pertanyaan dari balmondexe99 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Artikan jdi latin plisss​
artikan jdi latin plisss​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngartekake aksara jawa

tani ing desa Sumber mulya. Pak Wahyu Pringganata iku petugas penyuluhan saka dinas pertanian sing ditugasake ana ing desa Sumber mulya. Para among tani ing desa iku padha nglumpuk ana ing bale desa saperlu mirengake pituduh ngenani tatanen saka bapak Wahyu Pringganata.

Pak Wahyu Pringganata ngendikan, kurang luwih sak jam ngantharake kepriye cara olah tatanen supaya bisa nuwuhake asil (hasil) kang apik utamane tanduran pari. Kawiwitan saka carane ngolah sawah, nyiapake winih kang unggul carane nandur, nata kecukupane banyu, carane menehi rabuk, njaga supaya ora dipangan hama, carane manen carane misah gabah saka wuline, nggaringake gabah, nganthi carane nyimpen gabah.

__________________

Pembahasan

Wacana ing dhuwur nggunakake aksara murda.

Mangerteni tegese, wujud, cacah lan paugerane aksara murda.

➡️ Aksara murda

yaiku aksara sesirah kang sinebut huruf kapital. Aksara murda uga digawe kanggo pakurmatan utawa menghormati lan lumrahe kanggo nulis jenenge wong, pangkat lan drajat sarta papan panggonan.

➡️ Aksara murda cacahe ana 8 :

  1. Ka = ꦑ
  2. Na = ꦟ
  3. Ta = ꦡ
  4. Sa = ꦯ
  5. Pa = ꦦ
  6. Nya = ꦘ
  7. Ga = ꦓ
  8. Ba = ꦨ

➡️ Paugerane aksara murda :

  • ora kena dadi sesigeg ing wanda
  • ora kena dipangku lan ora kena dipasangi
  • ditulis mung sepisan aksarane saben sak tembung
  • kapisan sing manggon ing ngarep, menawa ora ana bisa aksara mburine lan sakteruse

★ catetan

huruf sing diwenehi garis ngisor iku sing nggunakake aksara murda.

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 9
  • Materi : Nulis aksara Jawa
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 08 Aug 22