BAKDA KUPAT WULANG SEMBAH PAPAT Tumrap wong Jawa, laku spiritual

Berikut ini adalah pertanyaan dari tnovitasar3333334 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

BAKDA KUPAT WULANG SEMBAH PAPAT Tumrap wong Jawa, laku spiritual sing ana gayutané karo ibadah pasa ing sasi Pasa kapétung dawa. Kawiwitan nyadran ing sasi Ruwah nganti kupatan utawa bakda kupat ing sasi Sawal. Miturut gothèking wong akèh, tradhisi nyedhiyakaké panganan kupat, panganan saka beras sing diwungkus janur lan ngathik persagi papat. kuwi wus lumebu ing tanah Jawa adoh sadurungé bebrayan agung Jawa tepung lan wusana nampa agama Islam.Miturut Pangarsa Komite Museum Radyapustaka kang uga pamerdi budaya Jawa, Winarso Kalinggo, dina Slasa (29/9), kawitane bakda kupat utawa kupatan kuwi mujudaké tradhisi kanggo sesaji mring arwah bocah. Miturut kapitayané wong Jawa jaman biyen, arwah bocah bakal bali ing omahé wong tuwané. Hamula sing ana ing omah kasebut wajib mahargya tekané. Sabanjuré, déning Sunan Kalijaga, miturut gothèking wong akèh, tradhisi kupatan kuwi mau diowahi kanggo nyengkuyung dhakwah Islam.
Wusana, tumrap wong Jawa (Islam) banjur ana rong dina bakda, yakuwi bakda Ariyadi ing tanggal 1 Sawal lan bakda kupat ing dina seminggu sawisé dina bakda Ariyadi. Wusana, bakda kupat i tiki Ariyadi. dadi perangané pahargyan bakda Gayutané, sawisé sesasi nutug nglakoni ibadah pasa ing sasi Pasa, wong Jawa (Islam) rumangsa bakal bali ing kahanan fitrah, yakuwi kahanan suci, ing dina bakda Ariyadi tanggal I Sawal Sawise kuwi, wong Jawa (Islam) mbacutaké ibadah pasané kanthi pasa nenem dina ing sasi Sawal.
Laku pasa nenem dina iki dipungkasi ing dina bakda kupat, seminggu sawisé dina bakda Ariyadi.

Tradhisi bakda kupat isih dileluri déning sapérangan warga bebrayan Jawa. Ing tlatah Lamongan, Jawa Timur, dina bakda kupat dadi pahargyan sing ora kalah regenge kalawan dina bakda Ariyadi.
Miturut Anas Asyhari, warga Lamongan kutha, nalika wawangunem kalawan Espos, dina Slasa (22/9), ing dina bakda kupat kuwi akèh digelar acara kagunan ing papan-papan pariwisata.
Déné ing omahe warga sing isih ngugemi tradhisi iki mesthi cumepak suguhan kupat salawuhané, kayadéné opor pitik lan sambel goreng ati kanggo nyepaki dhayoh sing bakal padha teka, kayadéné tradhisi ujung ing dina bakda Ariyadi.
Jumbuh budaya uripé wong Jawa sing kebak pasemon lan pralambang, bakda kupat uga ngamot wulang luhur gegayutan kuwajibané manungsa murih tansah ngudi urip lan panguripan sing luwih becik.
Nam-naman janur sing dadi kupat dadi gegambaran uripé manungsa sing ora kalis saka luput lan salah.
Werna putih nalika kupat disigar nggambarake resik lan sucining ati sawisé ngakoni lepat (luput) lan diapura. Sapérangan warga ing tlatah Kutha Semarang.
Solo lan Yogyakarta uga akeh sing ngleluri tradhisi bakda kupat iki. Malah ing tlatah Semarang Utara, miturut katrangané Dewi Kartikasari, Arif lan Subagyo, kabèh warga Kutha Semarang, nalika wawangunem kalawan Espos, dina Setu (26/9), ing kalodhangan ngaso sinambi lungguhan ing city walk sakidulé Ratan Slamet Riyadi Solo, isih ana sapérangan warga sing ngadani acara kupatan sing mapan ing mushola utawa mesjid.
"Tradhisi Jawa iku pancèn sugih pralambang lan sanèpan. Ing bakda kupat ana pralambang ngakoni kabèh luputé utawa lepatipun, Lonthong ngemu sanèpan ala-ala dadi kothong, kabeh sing ala dadi ilang lan bali resik manèh," Winarso ngandharaké.
Wujud kupat sing persagi papat uga ngamot wulang babagan laku utama kanggo nggayuh kamulyan. Laku utama kuwi kapérang dadi patang tataran sing karan sembah papat. Wulang iki warisané KGPAA Mangkunagara IV lan kamot ing Serat Wedhatama. Sembah papat kuwi, sembah raga, sembah cipta, sembah jiwa lan sembah rasa.
Pralambang lan sanèpan sing kakandhut ing bakda kupat salaras temen kalawan wulang sembah papat iki. Tradhisi bakda kupat ngamot pralambang laku kanggo nuju kautaman, ora mung utama ing tumindak lan wicara ing urip padinan, nanging sing luwih utama ora liya kautaman jiwa lan kapribadèn.
Sembah papat warisané KGPAA Mangkunagara IV uga nuju marang kautaman jiwa lan raga. Wulang sembah raga kamot ing tembang sembah raga puniku/pakartining wong amagang laku/sesucinéasarana saking warih/kang wus lumrah limang wektu/wantu wataking wawaton.
Sembah cipta kamot ing tembang samengko sembah kalbu yèn lumintu uga dadi laku/ laku agung kang kagungan narapati/ patitis teteging kawruh/ meruhi marang kang momong.
Wulang sembah jiwa kamot ing tembang sayekti luwih perlu/ ingaranan pepuntoning laku/ kalakuan kang tumrap bangsaning batin/ suciné lan awas emut/ mring alaming lama amota.
Lan wulang sembah rasa kamot ing tembang samengko ingsun tutur/ gantya sembah ingkang kaping catur/ sembah rasa karasa wosing dumadi/ dadi wus tanpa tuduh/ mung kalawan kasing batos.

cari lah
1. pernyataan umum
2. argumen
3. penegasan ulang
pada teks tersebut!!

yg g bisa bntu jgn dk jwb y!!!!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

pppppppppppppppppppp

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh soviehanafiah1978 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 14 Aug 22