translate ke latin minta tolong bgt niii

Berikut ini adalah pertanyaan dari reghina93 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Translate ke latin minta tolong bgt niii
translate ke latin minta tolong bgt niii

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngartekake aksara Jawa

...no dieleh menyang Bengkulu banjur dipindah menyang Bangka. Nalika Jepang nguasai India Belanda ing taun 1942 bung Karno dibebasake.

Sawise jepang nyerah marang sekutu nalika tanggal 17 Agustus 1945 bebarengan karo bung Hata, bung Karno banjur nyatakake proklamasi kamardikan republik Indonesia. Bung Karno diangkat minangka presiden kawitan republik Indonesia lan Mohammad Hatta minangka wakil presiden.

Gesangé bung Karno iku pengalamane akeh tenan saliyane dadi tokoh politik kaliber dunia, bung Karno uga sawijining penulis kapik (apik). pelukis, pecinta seni lan kreator sing kasil nglairake kreasi kreasi monumen kanggo bangsa.

Bung Karno sedari kala tanggal 20 Juni 1970 ing Jakarta.

Jisime lagi dikuburaka (dikuburake) tanggal 22 Juni 1970 ing desa santul Blitar Jawi wetan.

__________________

Pembahasan

Wacana ing dhuwur nggunakake aksara murda lan aksara angka.

Mangerteni aksara murda lan sak panunggalane .

Pangerten aksara murda

1. Aksara murda

yaiku aksara sesirah kang sinebut huruf kapital. Aksara murda uga digawe kanggo pakurmatan utawa menghormati lan lumrahe kanggo nulis jenenge wong, pangkat lan drajat sarta papan panggonan.

➡️ Aksara murda cacahe ana 8 :

  • Ka = ꦑ
  • Na = ꦟ
  • Ta = ꦡ
  • Sa = ꦯ
  • Pa = ꦦ
  • Nya = ꦘ
  • Ga = ꦓ
  • Ba = ꦨ

Paugerane aksara murda :

  • ora kena dadi sesigeg ing wanda
  • ora kena dipangku lan ora kena dipasangi
  • ditulis mung sepisan aksarane saben sak tembung
  • kapisan sing manggon ing ngarep, menawa ora ana bisa aksara mburine lan sakteruseAksara angka yaiku aksara kang digunakake kanggo nulis angka jawa.

Pangerten aksara angka

Aksara angka

yaiku aksara kang digunakake kanggo nulis angka jawa.

➡️ Cacahe aksara angka

  • 0 = ꧐
  • 1 = ꧑
  • 2 = ꧒
  • 3 = ꧓
  • 4 = ꧔
  • 5 = ꧕
  • 6 = ꧖
  • 7 = ꧗
  • 8 = ꧘
  • 9 = ꧙

Paugeran aksara angka :

  • menawa nulis aksara kudu diwenehi tandha ( : : ), minangka kanggo tetenger menawa iku aksara angka, supaya bedha karo aksara liyane, amerga aksara angka ana sing padha wujude karo aksara liyane.
  • tandha ( : : ) arane tandha pangkat sing gunane kanggo pangapit.

★ catetan

huruf utawa angka sing diwenehi garis ngisor iku sing nggunakake aksara murda, lan aksara angka.

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 9
  • Materi : Nulis aksara Jawa
  • Kode ; 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 20 Aug 22