translete ke latinnnnn

Berikut ini adalah pertanyaan dari reghina93 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Translete ke latinnnnn
translete ke latinnnnn

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngartekake aksara Jawa

Ki Hajar Dewantara iku salah sawijining pahlawan Nasional, panjenengane miyos ing Ngayogyakarta tanggal 03 juli 1922, kanthi Candra sengkala catur wahana manggala janma.

Ki Hajar Dewantara misuwur minangka bapak pendidikan nasional, kabeh iku jalaran saka gedhene labuh labete tumrap bangsa lan negara Indonesia, mligi ing babag pendidikan, penjenengane uga ngedekake sekolah taman siswa sing nganti saiki sumebar ing Nusantara.

Saka pamenggihe ing babagan pendidikan akeh semboyan utawa sesanti sing diwejangake kanggo kita kabeh. Wejangan mau kanthi anbas supaya generasi penerus bangsa Indonesia bisa temen anggone marsudi kanggo kemajuane bangsa lan negara Indonesia kaya unen unen sapa temen bakal tinemu, ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani lan isih akeh maneh.

__________________

Pembahasan

Wacana ing dhuwur nggunakake aksara murda lan aksara angka

Aksara murda

yaiku aksara sesirah kang sinebut huruf kapital. Aksara murda uga digawe kanggo pakurmatan utawa menghormati lan lumrahe kanggo nulis jenenge wong, pangkat lan drajat sarta papan panggonan.

➡️ Aksara murda cacahe ana 8 :

  • Ka = ꦑ
  • Na = ꦟ
  • Ta = ꦡ
  • Sa = ꦯ
  • Pa = ꦦ
  • Nya = ꦘ
  • Ga = ꦓ
  • Ba = ꦨ

➡️ Paugerane aksara murda :

  1. ora kena dadi sesigeg ing wanda
  2. ora kena dipangku lan ora kena dipasangi
  3. ditulis mung sepisan aksarane saben sak tembung
  4. kapisan sing manggon ing ngarep, menawa ora ana bisa aksara mburine lan sakteruse.

Aksara angka

yaiku aksara kang digunakake kanggo nulis angka jawa.

➡️ Cacahe aksara angka :

  • 0 = ꧐
  • 1 = ꧑
  • 2 = ꧒
  • 3 = ꧓
  • 4 = ꧔
  • 5 = ꧕
  • 6 = ꧖
  • 7 = ꧗
  • 8 = ꧘
  • 9 = ꧙

➡️ Paugeran aksara angka :

  1. menawa nulis aksara kudu diwenehi tandha ( : : ), minangka kanggo tetenger menawa iku aksara angka, supaya bedha karo aksara liyane, amerga aksara angka ana sing padha wujude karo aksara liyane.
  2. tandha ( : : ) arane tandha pangkat sing gunane kanggo pangapit.

★ catetan

huruf utawa aksara sing diwenehi garis ngisor iku sing nggunakake aksara murda lan aksara angka.

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 9
  • Materi : Nulis aksara Jawa
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 20 Aug 22