ubah menjadi latin plis bantu​

Berikut ini adalah pertanyaan dari revandsetyobudi62 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Ubah menjadi latin plis bantu​
ubah menjadi latin plis bantu​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Wacanen aksara jawa ing pacelathon:

Werkudara

Werkudara iku putranè Pandhu Dèwanata lan Deri Kunthi . Werkudara iki titisanè Bathara Bayu. Awit putra angka loro, mula Werkudara uga sinebut putra panenggaking Pandhawa. Sesebutan liyanè Bratasèna, Bimasèna, Aryasèna, Bayusiwi, Jagal Abilawa, Kusumadhilaga, Jayalaga.

Kacarita lairè Bratasèna. Nalika bayi lair awujud bungkus, kabèh gegaman ora tumama. Kang bisa mbedhah bungkus mung Gajah Sèna. Bareng wis bedhah, bayi diidak idak ditlalo, digadhang malah saya gedhè. Gajah Sèna ditamani kuku pancanaka, mati sanalika. Sukmanè nyawiji karo Bratasèna.

Bratasèna utawa Werkudara iku ora bisa basa marang sapa waè. Dadi yèn micara tansah ngoko. Sing di basani mung Sang Hyang Wenang lan Dèwa Ruci. Najan mangkono Werkudara duwè watak setya tuhu marang guru, bekti marang ibu, tegah ing janji, bèla bebener, mbrastha angkara, dhemen tetulung, adil.

___________________

Penjelasan:

Panulisan aksara jawa ing pacelathon ana tembung sing migunakake aksara murda. Aksara iki kalebu salah sijining wernane aksara jawa liyane. Aksara Murda yaiku minangaka aksara khusus ing aksara Jawa lan nduweni fungsi kaya aksara gedhe. Aksara iki mung digunakake kanggo nulis jeneng wong penting lan panggonan/wilayah sing misuwur.

Cacahe aksara murda iki ana8 (wolu), antarane;

  • Na ꦟ, Ka ꦑ, Ta ꦡ, Sa
  • Pa ꦦ, Nya ꦘ, Ga ꦓ, Ba

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh unknown dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 13 Jun 22