gawea tuladha ukara : a.ukara lamba b.ukara pakon (kalimat perintah) c.ukara sambawa d.ukara tanduk e.ukara

Berikut ini adalah pertanyaan dari Milikmu100407 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Gawea tuladha ukara :a.ukara lamba
b.ukara pakon (kalimat perintah)
c.ukara sambawa
d.ukara tanduk
e.ukara tanggap
f.ukara panguwuh (kalimat seru)
g.ukara carita
h.ukara camboran
i.ukara pitakon (kalimat tanya)
j.ukara sananta

yang tau tolong bantu pliiis

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

kelas : VIII SMP

mapel : B Daerah

kategori : jenise ukara

kata kunci : ukara tanggap, ukara tanduk, ukara andharan, ukara pitakon, ukara pakon, ukara panguwuh, ukara sambawa, ukara pamenging

Pembahasan :

ukara tanggap  yaiku ukara kang lesane (objek) nindakake pegawean.

tuladha :

1) PR Basa Jawa digarap Dwi lan Maya

2) Roti dipundhut Ibu.

3) Ulil dijiwit Putri.

4) Sawahe  dipaculi pak najib.

5) Jarane Mas Syahrul diguyang Fatih.

ukara tanduk yaiku ukara kang jejere (subjek) nindakake pegawean.

tuladha :

1) Dwi lan Maya nggarap PR Basa Jawa.

2) Ibu mundhut roti.

3) Putri njiwit Ulil.

4) Pak Najib maculi sawahe.

5) Fatih ngguyang jarane Mas Syahrul

ukara andharan yaiku ukara sing isine kang ngabarake utawa ukara kang nyritakake bab/kedadean. Cirine ukara andharan yaiku dipungkasi kanthi waca titik (mandeg), mula macane kanthi intonasi/ nganggo swara kang rata (datar) lan ora ana penekanan babar pisan .

tuladha :

1) Mau bengi ana kebakaran ning omahe pak bejo.

2) bapak tindak dhateng kantor.

3) si mbah gerah waja.

4) ndik wingi ana tabrakan nganti 20 wong seng mati.

5) sesok ulangan basa jawa.

ukara pitakon yaiku ukara kang isine nakokake bab tertentu. Cirine ukara pitakon yaiku dipungkasi tandha waca piatakon, mula pamacane kanthi intonasi takon.

tuladha :

1) Omahmu ing ngendi?

2) Saiki wis jam pira?

3) Paramasastra kuwi apa ta tegese?

4) Sampeyan mundhut napa?

5) Kesandhung kuwi apa lara ta, Kang?

ukara pakon yaiku ukara kang isine mrentah wong liya nindakake pakaryan tartampu manut apa sing dikarepake sing ngongkon. Cirine ukara pakon yaiku dipungkasi tandha waca seru, mula pamacane kanthi intonasi seru lan rada diteken.

tuladha :

1) Ngaliha!

2) Sinau sing sregep!

3) Ndang ombenen!

4) Awas sing ati-ati!

5) Wis enggal garapen!

ukara paguwuh yaiku ukara kang nggambarake rasa ora percaya, emosi sing kuat rasa gumun. Cirine ukara panguwuh yaiku diwiwiti kanthi tembung panguwuh Tembung panguwuh yaiku : Wow, wadhuh, Hi, Hore, wah,dll.

tuladha :

1) Horee.. aku oleh biji satus !

2) wow, apike montore !

3) wadhuh , aku ora iso melu!

4) wah, isih durung rampung to!

5) wow, hebat kowe!

ukara sambawa yaiku ukara kang isine awujud pangarep-arep, saumpama, utawa sanadyan. Ukara iki rancake migunakake tembung-tembung kang kawuwuhan panambang -a utawa -ana.

tuladha :

1) Panasa, ya klambiku ben garing.

2) Udana sing deres ben tandhuranku subur.

3) Mrenea wiwit biyen kowe ora katon kapiran.

4) Sugiha dhuwit aku rak wis gawe omah.

5) Tinangisana nganthi semaput, dheweke ora bakal urip.

ukara pamenging

tuladha :

1) Kowe ora kena dolan yen durung sinau!

2) Aja rame-rame simbah nembe sare!

3) Aja mangan ana ing ngarep kelas!

4) yen ngomong aja seru-seru!

5) aja tukar padhu marang sakdulure!

Penjelasan:

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh aisyahazizahniam dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 06 Jun 22