tegese pawicatenan yaiku??(bahasa jawa), tolng jawabnya pake bhsa jawa​

Berikut ini adalah pertanyaan dari nikenrahmawati1849d pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Tegese pawicatenan yaiku??
(bahasa jawa), tolng jawabnya pake bhsa jawa​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Pawicantenan tegese ....

➡️ Pacelathon

Penjelasan

  • Ngoko : Pacelathon
  • Krama : Pawicantenan

{Pacelathon}

Pacelathon saka tembung celathu lan nduweni tegese omongan/guneman. Pacelathon iku proses komunikasi antarane wong loro utawa luwih ngenani sawijining bab.

Pacelathon tegese padha karo percakapan utawa dialog ing basa Indonesia. Pacelathon nganggo basa Jawa iku kudu nggatekake sapa sing diajak ngomong lan unggah-ungguh basa/subasita.

  • Titikan/Ciri-ciri teks pacelathon :

1) katulis kanthi wujud dhialog (imbal wacana)

2) nggunakake ukara kandha

3) isine pangajak lan panerang

4) cacahing paraga loro utawa luwih

5) nggunakake ukara cekak aos

6) perangan ing sisih kiwa isine jeneng/wong kang lagi omongan

7) perangan ing sisih tengen isine omongane sing diandharake

Tuladha :

  • Bapak : "Le, TV ne yen ora kokdeleng, patenana!"
  • Doni: "Kula badhe ningali film kartun, Pak."
  • Bapak : "Film kartun iku isih sejam maneh...hemat energi!"
  • Doni: "Nanging setrumipun TV niki lak alit, paling bayaripun mirah."
  • Bapak : "Ora merga hemat mbayare wae, ya hemat energi. Delengen ta, isih akeh desa sing durung dialiri listrik."
  • Doni: "Niku ing luar Jawa, Pak ingkang dereng wonten listrik "
  • Bapak : "Hla yen wis ngerti, saiki TV-ne ndang dipateni."
  • Doni: "Inggih Pak, mangke yen film kartune sampun wiwit kula ningali, nggih!"
  • Bapak : "Aja kuwatir, kana sinau dhisik!"
  • Doni: "Inggih Pak, sendhika dhawuh."

>> DETAIL JAWABAN <<

Mapel Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Pawicantenan tegese

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 26 Oct 22