Regane mung selawe ewu rupiyah. Tembung katrangan lan nerangake opo?​.

Berikut ini adalah pertanyaan dari silwa402 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Regane mung selawe ewu rupiyah. Tembung katrangan lan nerangake opo?​.

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Regane mung selawe ewu rupiyah.

  • Tembung Katrangan : mung.
  • Nerangake : wilangan.

Penjelasan

{Tembung Katrangan}

☞ tembung sing nerangake tembung wilangan, tembung kriya, lan tembung kahanan.

» ◉ Tembung katrangan jenise ana papat yaiku :

1. Tembung katrangan sing nerangake kriya, tembung katrangan iki disambung tembung kriya.

Tuladha :

→ 1. Bawa durung maem.

  • Tembung Katrangan : durung
  • Nerangake : kriya

2. Ibu guru kerep tindak.

  • Tembung Katrangan : kerep
  • Nerangake : kriya

2. Tembung katrangan sing nerangake kahanan, tembung katrangan iki disambung tembung kahanan.

Tuladha :

1. Kendharakane sarwa apik.

  • Tembung Katrangan : sarwa
  • Nerangake : kahanan

2. Soal ulangane rada angel.

  • Tembung Katrangane : rada
  • Nerangake : kahanan

3. Tembung katrangan sing nerangake wilangan, tembung katrangan iki disambung tembung wilangan.

Tuladha :

1. Bawa sangune mung limang ewu.

  • Tembung Katrangan : mung
  • Nerangake : wilangan

2. Ula dawane kira-kira rong meter.

  • Tembung Katrangan : kira-kira
  • Nerangake : wilangan

4. Tembung katrangan sing dicambor. Tembung katrangan sing dicambor yaiku: mbok menawa, durung tau, ora bisa, ora arep, lan liya-liyane.

Tuladha :

1. Nganti tekan kelas lima aku durung tau dadi petugas upacara.

2. Pitike ora bisa mabur.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 1 - Jenising tembung

Kata Kunci : Regane mung selawe ewu rupiyah, Tembung Katrangan

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 17 Oct 22