-BAHASA JAWA-•Basa ngoko lugu ing ngisor iki owahana dadi basa

Berikut ini adalah pertanyaan dari JesslynQueeneisya pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

-BAHASA JAWA-•Basa ngoko lugu ing ngisor iki owahana dadi basa krama miturut unggah-ungguhing basa.•


••1. a). Kowe arep lunga menyang endi Tini?
.................................
b). Kowe arep lunga menyang endi Pak Kardi?
.................................



••2. a). Sesuk bengi aku arep ndelok wayang karo kancaku.
.................................
b). Sesuk bengi Bapakku arep ndelok wayang karo kancane.
.................................



••3. a). Reni tuku lombok, uyah, gula lan klapa ing toko ngarep iku.
.................................
b). Ibuku tuku lombok, uyah, gula lan klapa ing toko ngarep iku.
.................................



••4. a). Mangga Dik lungguh dhisik, dienteni ya Bapak isih adus.
.................................
b). Mangga Bu lungguh dhisik, dienteni ya Bapak isih adus.
.................................



••5. a). Nalika isih cilik jenengku : Parmin, saiki diganti Bambang Priyambodo.
.................................
b). Nalika isih cilik jenenge Bapak : Paijo, saiki diganti Surya Prawiro
.................................

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara dadi ragam basa Krama.

1. a). Kowe arep lunga menyang endi Tini?

➡️ Sampeyan badhe kesah ten pundi Tini?

b). Kowe arep lunga menyang endi Pak Kardi?

➡️ Panjenengan badhe tindak dhateng pundi pak Kardi?

2. a). Sesuk bengi aku arep ndelok wayang karo kancaku.

➡️ mbenjing dalu kula badhe ningali ringgit kaleh rencang kula.

b). Sesuk bengi Bapakku arep ndelok wayang karo kancane.

➡️ mbenjing dalu bapak kula badhe mirsani ringgit kaliyan rencangipun.

3. a). Reni tuku lombok, uyah, gula lan klapa ing toko ngarep iku.

➡️ Reni tumbas Lombok, sarem, gendhis kaleh krambil ten toko ngajeng niku.

b). Ibuku tuku lombok, uyah, gula lan klapa ing toko ngarep iku.

➡️ ibu kula mundhut lombok, sarem, gendhis kaliyan krambil dhateng toko ngajeng puniku.

4. a). Mangga Dik lungguh dhisik, dienteni ya Bapak isih adus.

➡️ mangga dhik lenggah riyin, diranstosi nggih bapak taksih siram.

b). Mangga Bu lungguh dhisik, dienteni ya Bapak isih adus.

➡️ mangga Bu pinarak rumiyin, dipun rantos nggih bapak taksih siram.

5. a). Nalika isih cilik jenengku : Parmin, saiki diganti Bambang Priyambodo.

➡️ nalika taksih alit nami kula Parmin, sakniki digantos Bambang Priyambodo.

b). Nalika isih cilik jenenge Bapak : Paijo, saiki diganti Surya Prawiro.

➡️ nalika taksih alit asmanipun bapak Paijo, sakmenika dipun gantos Surya Prawiro.

__________________

Pembahasan

Basa Krama kaperang dadi 2 :

1. Basa Krama lugu

basane Krama lugu lan Krama Alus.

panggonane :

  • ibu kesah ten peken nitih becak
  • mas Bayu mboten saged wangsul sakniki
  • Simbah saweg gerah padharan

Basa Krama Alus

basane Krama Alus kabeh. Dadi luwih Alus lan luwih ngajeni.

panggonane :

  • ibu tindak dhateng peken nitih becak
  • mas Bayu mboten saged kondur sakmenika
  • eyang lagi gerah padharanipun

Detail Jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguhing basa
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 13 Apr 22