-BAHASA JAWA-•Owahana basa ngoko ing ngisor iki dadi basa krama!

Berikut ini adalah pertanyaan dari JesslynQueeneisya pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

-BAHASA JAWA-•Owahana basa ngoko ing ngisor iki dadi basa krama! •

1). Aku saben dina golek kayu ing alas.
.................................
2). Pitikku lagi ngendhog telu, sing siji lagi angrem.
.................................
3). Sapi kuwi umure kira-kira wis telung taun.
.................................
4). Parine dipangan manuk emprit, mula kudu ditunggoni.
.................................
5). Sawahe bapak ing ngisor pring, mula parine akeh sing dipangan pitik.
.................................
6). Yen parine wis panen, biasane terus ditanduri jagung
.................................
7). Ana uga tanggaku sing nandur dhele.
.................................
8). Tanduran ing sawah iku, saliyale dirabuk kudu diwatun.
.................................
9). Sawah ing kidul desa manggon cedhak kali cilik.
.................................
10). Sapa sing tlaten bakale panen.
.................................​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara dadi basa Krama.

1). Aku saben dina golek kayu ing alas.

➡️ kula saben dinten pados kajeng ten wana.

2). Pitikku lagi ngendhog telu, sing siji lagi angrem.

➡️ ayam kula saweg nigan tiga, ingkang setunggal saweg angrem.

3). Sapi kuwi umure kira-kira wis telung taun.

➡️ lembu niku umure kinten kinten mpun tigang taun.

4). Parine dipangan manuk emprit, mula kudu ditunggoni.

➡️ pantune ditedha peksi emprit, mula kedah dirantos.

5). Sawahe bapak ing ngisor pring, mula parine akeh sing dipangan pitik.

➡️ Sabine bapak ten ngandhap Pring, mula pantune kathah ingkang ditedha ayam.

6). Yen parine wis panen, biasane terus ditanduri jagung

➡️ menawi pantune mpun panen, biasane lajeng ditanemi jagung.

7). Ana uga tanggaku sing nandur dhele.

➡️ wonten ugi tanggi kula nanem dhele.

8). Tanduran ing sawah iku, saliyale dirabuk kudu diwatun.

➡️ taneman ten sabin niku, salintune dirabuk kedah diwantun.

9). Sawah ing kidul desa manggon cedhak kali cilik.

➡️ Sabin ten kidul desa manggen celak lepen alit.

10). Sapa sing tlaten bakale panen.

➡️ sinten ingkang tlaten bakale panen.

__________________

Pembahasan

Basa Krama utawi basa Krama lugu yaiku basane nggunakake basa Krama lugu lan Krama Alus.

panggonane :

  • Wong sadrajat sing durung raket utawa akrab
  • wong sing durung kenal

tuladha :

  • mas Bagas mboten saged tumut ngaos
  • Bulik mpun wangsul wau enjing
  • Simbah remen mlampah mlampah ten taman

Detail Jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 13 Apr 22