Papane nyadran ana sing ditindakake ing sendhang, kuburan utawa ing

Berikut ini adalah pertanyaan dari lisdanurhasanah4540 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Papane nyadran ana sing ditindakake ing sendhang, kuburan utawa ing papan sing dianggep

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Papane nyadran ana sing ditindakake ing sendhang, kuburan utawa ing papan sing dianggep ....

➡️ dadi cikal bakal padhukuhan kasebut.

Penjelasan

{Nyadran}

Tradhisi nyadran utawa sadranan mujudake salah sawijining tradhisi sing wis lumaku turun tumurun ing masyarakat Jawa, mligine Jawa Tengah, Jawa Timur lan Nyayogyakarta. Tembung nyadran asale saka basa Sansekerta sraddha sing tegese kapercayan. Ing basa Jawa, nyadran duwe teges slametan ing sasi Ruwah. Ancase, kanggo methuk tekane sasi Pasa utawa sasi Ramadhan.

Tradhisi nyadran katindakake kanthi ziarah kubur, reresik kuburan, lan uga ngongakake para leluwur lan kaluwarga sing wis tilar donya. Tradhisi iki dipungkasi kanthi slametan utawa kendhuri wong sapadhukuhan. Wong lanang-lanang enom tuwa sapadhukuhan pada dhahar kembul ing los kuburan.

Cak-cakane nyadran, saben padhukuhan lumrahe duweni dina, cara lan panggonan sing beda-beda. Ana sing milih dina malem Senen, malem Selasa, malem Jemuwah, lan liya-liyane. Ana sing isih nguri-uri tradhisi kendhuri, ana sing mung cukup lek-lekan wae, ana uga sing diisi nganggo pengajian. Papane nyadran ana sing ditindakake ing sendhang, utawa ing papan-papan sing dianggep dadi cikal bakal (awal madege) padhukuhan kasebut. Senajan beda-beda dina, cara lan panggonane nanging ancase padha yaitu methuk tekane sasi Pasa lan ndongakake para arwah sing wis kapundhut dening Gusti Kang Maha Kuwasa.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 5

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Papane nyadran

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 5.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 16 Oct 22