golek ono lelewanjng basa (unsur basa)bebasan,paribasan,lan saloka ning teks anekdot

Berikut ini adalah pertanyaan dari melanipitasari pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Golek ono lelewanjng basa (unsur basa)bebasan,paribasan,lan saloka ning teks anekdot mobil murah.MOBIL MURAH Sapa wonge sing pengin duwe urusan karo jaksa? Yen ora kepengin duwe urusan karo jaksa, mula aja nglangar hukum. Luwak mangan tales, awak yen lagi apes. Kaya ngono nasibe Kangsa, mantan bupati kang kudu urusan karo jaksa, jalaran kasus korupsi. Dina Minggu, sedina sadurunge kasuse disidhangake ing pengadilan, Kangsa sowan ing ndaleme jaksa kang arep nangani prakarane. Kanthi ageman necis, rambut disisir mlipit Kangsa nothok lawang, "Thok...thok...thok, kula nuwun". "Mangga, tengga sekedhap nggih", keprungu wangsulan saka njero ngomah. Kangsa atine dheg-dhegan. Karo nunggu dibukakake lawang, ukara-ukara kang wis disusun ing omah ditata maneh. Tangane ngapurancang, awake kang gagah prakosa dina iku kapeksa dibungkukake. "Nuwun sewu, sugeng enjing," Kangsa uluk salam. "Ooo...inggih, Pak Kangsa...mangga lenggah, wonten kersa menapa," Pak Jaksa mbagekake tamune. "Saderengipun kula matur, kula nyadhong duka mbok menawi kula klentu ing atur," Kangsa miwiti rembug kanthi alus. Pak Jaksa wis kulina ngadhepi wong kang kena masalah, mula panjenengane tetep anteng merbawani, "Mboten dados menapa, ngendika blaka suta mawon." "Anggen kula sowan menika, kula badhe ngaturaken mobil mewah kagem panjenengan," ature Kangsa lirih nganti meh ora keprungu swarane. "Pundi mobilipun? Lan pinten reginipun," Pak Jaksa pitakon kanthi madhep mantep. Rumangsa pancingane meh ngenani sasaran, Kangsa wiwit pracaya dhiri. Karo nuding mobil sing diparkir ing njaba, Kangsa matur, "Menika ingkang cemeng! Estunipun regi mobil menika setunggal milyar, nanging menika kula aturaken gratis kagem panjenengan." "mBoten,....kula mboten purun nampi barang gratisan, awit niku kalebet gratifikasi utawi tindakan korupsi. Ananging, awit kula remen kaliyan mobil menika, kados pundi menawi kula tumbas?" Pak Jaksa ngendika kanthi teges. "Inggih...mangga kersa, panjenengan pundhut pinten?" Kangsa mangsuli kanthi dheg-dhegan lan kebingungan. "Kula tumbas Rp 50.000,- menapa angsal?" Pak Jaksa nerusake ngendikane. "Ooo...inggih...inggih...mangga!" Kangsa tambah bingung. Karo menehake salembar dhuwit Rp 100.000,- Pak Jaksa ngendika, "Menika artanipun." Kangsa nampani dhuwit karo matur, "Nyuwun duka, kula mboten gadhah wangsulanipun? "Mboten perlu dipunwangsulaken, panjenengan mbenjing sasampunipun sidhang, cekap maringi kula mobil setunggal malih, nanging kula nyuwun warninipun ingkang abrit!" "Ooo...inggih...inggih..., kula nyuwun pamit." Kangsa mlaku ngloyor kaya Baladewa ilang gapite.​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Lelewaning basasing ana ning teks anekdotMobil Murah, yoiku:

  • Luwak mangan tales, awak yen lagi apes.
  • Rambut disisir mlipit.
  • Tangane ngapurancang.
  • Madhep mantep.
  • Mlaku ngloyor kaya Baladewa ilang gapite.

Pembahasan

Lelewaning basa merupakan suatu kata atu kalimat digunakan untuk pemakaian tertentu. Tujuannya adalah untuk memperoleh efek-efek tertentu yang membuat sebuah karya sastra semakin hidup. Dalam bahasa Indonesia sering disebut dengan majas atau gaya bahasa.

Pelajari lebih lanjut

Materi tentang contoh lelewaning basa pada yomemimo.com/tugas/27141381

#BelajarBersamaBrainly

#SPJ1

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh YuniarFakhruNisa dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 21 Feb 23