Wus tinarbuka wiwaraning sasana busana, kumenyar asung prabawa, kentar-kentar

Berikut ini adalah pertanyaan dari bonangreysi pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Wus tinarbuka wiwaraning sasana busana, kumenyar asung prabawa, kentar-kentar angambar kongas gandanira, sumirat teja maya-maya, saya dangu saya milangoni, saya cerak saya angranuhi, sanyata tejane sang pinanganten mijil saking panti busana arsa mahas ing sasana wiwaha. Gyat kang samya humiyat….. Wit pasemone sang pinanganten ngrasuk busana kasatriyan kang sarwa endah, katingal gagah pideksa myang gandhes luwes apindha wong agung ing Ngeksi Ganda duk ing uni. Dhasar satriya pekik ing warni ngagem busana kang sarwi mubyar, pating calorot pating galebyar sunare pepindha kartika kang asesilih prenah, sang dyah ayu tumungkul semu mesem ing wardaya rinengga ing sesotya maneka warna. Penganten kakung wus ngrasuk busana satriya, sangsaya angenguwung prabane, sangsaya mencorong guwayane, sangsaya manteb penggalihe, cinandra kadi bagus Danang Sutowijaya atmajanira Ki Gedhe Pamanahan, akekanthen asta kaliyan Rara Dewi Semangkin atmajanira Sri Sultan Drowo ing Kalinyamat.Tindakipun penganten sarimbit sami atut runtut reruntungan, sih kinasihan gegandhengan asta, mratandhani bilih kekalihipun sampun sami mangun sedya, badhe tansah sesarengan pindha mimi lan mintuna ngantos kaken-kaken lan ninen-ninen saking donya padha dumugya delahan. Sumusul ingkang munggwing wuntat, punika rama ibunipun memayungi lampahing penganten sarimbit. Panjenenganipun bapak…......saha...…sarimbit minangka pini sepuh penganten kekalih, katingal kekembeng waspa, nanging sanes waspa dhukita, namung kabekta saking raos bombonging manah linandhesan puji syukur mring Gusti ingkang akarya jagad, awit sampun karoban ing sih nugraha mila saget anjenengi pawiwahan ing kalenggahan punika. Sang subamanggala minangka pangarsaning kirab, sakedhap-sakedhap tumoleh atur tengara dhumateng kang nedheng kirab, tan prabeda myang para-para kirab, para pinisepuh para tamu kang kebak ing suka bagya, katingal konjem lenggah semu mesem. Kawistara lamun kalegan ing sedya, pramila ing batos tansah paring puji dunga pudyastawa mrih penganten kekalih tansah.Sebukan opo wae tembung tembung ing duwur

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Tembung-tembung ing ndhuwur kalebu tuladhane Basa Krama Alus (Inggil). Ing endhi tembung ing ndhuwur uga kalebu tuladhane sesorahning upacaramantenan.

Kalimat di atas termasuk contoh Bahasa Krama Halus (Inggil). Di mana kalimat di atas juga termasuk contoh dari pidato di dalam upacara pernikahan.

Pembahasan

Basa Krama merupakan salah satu dari jenis tingkatan bahasa yang ada di Indonesia. Di mana Basa Krama terkandung bahasa yang sopan dan halus. Basa Krama terbagi menjadi dua bagian, yaitu Basa Krama Lugu dan Basa Krama Alus (Inggil). Penggunaan Basa Krama Lugu dilakukan pada saat melakukan komunikasi dengan orang yang lebih tua atau orang yang dhormati. Sedangkan Basa Krama Alus (Inggil) digunakan pada saat acara formal ataupun upacara adat Jawa. Terkadang Basa Krama Alus digunakan sebagai alat komunikasi para abdi dalem dengan tuannya.

Pelajari lebih lanjut

Materi tentang contoh kalimat yang menggunakan Basa Krama Lugu dan Basa Krama Inggil pada yomemimo.com/tugas/7219479

#BelajarBersamaBrainly

#SPJ9

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh YuniarFakhruNisa dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 24 Dec 22