Paragraf ing ngisor iki owahana dadi basa ngoko!"Kawontenan kados makaten

Berikut ini adalah pertanyaan dari Miyaalucad2567 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Paragraf ing ngisor iki owahana dadi basa ngoko!"Kawontenan kados makaten kalawau boten murni kalepatanipn lare enem, ananging ingkang nggadhahi tanggel jawab maringi patuladhan supados lare-lare punika anggadhahi tata krama tamtu kemawon tiyang sepuh, utaminipun tiyang sepuh kekalih wonten griya. Menawi tiyang sepuh boten paring patuladhan boten kinten yoga utawi lare enem saged ngetrapaken, awit kacang boten ninggal lanjaran,"​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi paragraf dadi basa Ngoko.

"Kawontenan kados makaten kalawau boten murni kalepatanipn lare enem, ananging ingkang nggadhahi tanggel jawab maringi patuladhan supados lare-lare punika anggadhahi tata krama tamtu kemawon tiyang sepuh, utaminipun tiyang sepuh kekalih wonten griya.

Anane kaya mangkana mau ora murni kesalahane bocah enem, nanging sing nduweni tanggung jawab menehi conto supaya bocah bocah kuwi nduweni tata krama kayata wong tuwa utawa wong tuwa kekarone sing ana ing omah.

Menawi tiyang sepuh boten paring patuladhan boten kinten yoga utawi lare enem saged ngetrapaken, awit kacang boten ninggal lanjaran,"

Menawa wong tuwa ora menehi conto ora kira anak utawa bocah enem bisa ngetrapake, awit kacang ora ninggal lanjaran.

-----------------------------------

Pembahasan

Unggah ungguh basa Ngoko, kaperang ana 2, yaiku :

1. BASA NGOKO LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lugu kabeh.

Titikane :

  • basane Ngoko kabeh
  • ater ater lan panambange ora dikramakake

Panganggone :

  • bocah sakpantaran
  • wong tuwa marang anake
  • guru karo muride
  • pimpinan marang andhahane

Tuladha :

  • bapak tuku rokok karo roti
  • Kowe mau diceluk karo ibu
  • aku mau ora sida sekolah, merga lara

2. BASA NGOKO ALUS

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lan basa Krama.

Titikane :

  • tembunge Ngoko lan dicampur karo Krama
  • sing dikramakake yaiku ; tembung perangene awak, sandhangan sarta kriyane = kata kerjane)
  • ater ater lan panambange ora dikramakake

Panganggone :

  • wong tuwa marang wong enom
  • wong kang padha umure sing padha ngajeni
  • ibu marang bapak sing kulino Ngoko
  • wong sing suwe ora ketemu

Tuladha :

  • bapak mundhut rokok karo roti
  • panjenengan mau ditimbali karo ibu
  • kula mau ora siyos sekolah, merga sakit

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Keles : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 23 Jan 23