pachelaton ing drama diarani

Berikut ini adalah pertanyaan dari dhohan pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Pachelaton ing drama diarani

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Pacelathon (Dialog). Pacelathon utawa dialog ing drama iku kena diarani perangan kang baku. Ing pacelathon (dialog) iku ngemot cerita utawa kena diarani yen lelakon kang digawe crita iku manggon ing pacelathon iku. Mula saka iku pacelathon (dialog) iku kudu ngetrepi 2 (rong) perkara. Sepisan, pacelathon kudu bisa nggambarake lelakon utawa prastawa, solah bawa lan wewatakane paraga kanthi becik. Kang kaya mangkene ini diajab bisa nuntun pangangen-angen (imajinasi) para kang maca utawa kang nonton pagelaran. Kapindho, tetembung utawa ukara kang digunakake ing pacelathon (dialog) prayogane nggunakake basa padinan (bahasa sehari), prasaja (tidak  bertele-tele) tur mentes, sarta ngedohi tetembungan kang muspra (tanpa guna). Kanthi mangkono para paraga kanga rep maragakake pagelaran bisa kanthi gampang anggone ngapalake utawa mangerteni wos (isine) crita. Ing pagelaran iki, mengkone wis ora oleh nggawa tulisan/ teks, nanging, apalan utawa improvisasi. Yen improvisasi, ateges pacelathon wis ora padha karo sing ana ing naskah, nanging isi/ wose pacelathon tetap gegebengan (berpedoman) karo kang ana ing naskah.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh syamsinarni dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 30 Dec 14