Gawenen daftar bausastra lan tembung basa indonesiane adhedhasar tembung sing

Berikut ini adalah pertanyaan dari inchess6976 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Gawenen daftar bausastra lan tembung basa indonesiane adhedhasar tembung sing ana ing serat wulangreh pupuh gambuh sing wis kowaca​.

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Pada  01 )

Sekar gambuh ping catur

kang cinatur polah kang kelantur

tanpa tutur katula-tula katali

kadaluwarsa katutuh

kapatuh pan dadi awon.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :

Tindak-tanduk kang ora gelem ngrungokake pituture wong liya, tindak tanduk kang ora becik kaemot ing sekar gambuh iki, tindak tanduk ala kang ora ana rampunge lan ora ana kendhaline bakal ala asile lan ngrugekake manugsa dhewe.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Semuanya dimuat dalam Sekar Gambuh. Tembang ini memuat perilaku yang tidak teratur dan menjadi perbincangan orang banyak. Jika tidak mau mendenganr nasihat orang lain,semakin lama semakin tidak terkendali, hal ini akan berakibat buruk.

Tegese tembung :

1.      sekar : tembang

2.      catur : papat/omong

3.      cinatur : diomongke

4.      polah : tumindak,perilaku

5.      kelantur : nggladrah,ora teratur,kebacut

6.      tanpa tutur : ora nganggo diomongi

7.      katula-tula katali : tansah nandhang cilaka

8.      kadaluwarsa : kebacut

9.      katutuh : didakwa,kapaido

10.  kapatuh :kaanggep,katletuh

11.  pan : rak,jer, nanging,mung

  ( Pada  02 )

Aja nganti kebanjur

barang polah ingkang nora jujur

yen kebanjur kojur sayekti tan becik

becik ngupayaa iku

pitutur ingkang sayektos.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :

Aja nganti manungsa iku kulina nglakoni samubarang kang ora jujur, yen wis kasep/kebanjur bakal gawe cilaka. Mesthi wae iku ora becik. Mangka saka iku pra manungsa supaya mbudidaya ajaran/paugeran kang sejati.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Jangan sampai terlanjur terbiasa dengan tingkah polah yang tidak jujur, jika sudah terlanjur akan mencelakakan diri sendiri, hal itu tidak baik. Olaeh karena itu berusahalah mencerna ilmu yang sejati.  

Tegese tembung :

1.      Nora : ora

2.      Kojur : nemahi cilaka

3.      Sayekti : sanyata,temenan

4.      Ngupaya : golek,ngreka

5.      Sayektos : sayekti,bener

                                               

( Pada 03 )

Pitutur bener iku

sayektine kang iku tiniru

nadyan metu saking wong sudra papeki

lamun becik wurukipun

iku pantes sira anggo.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :

Ajaran/piwulang kang bener iku wajib dianut/ditiru, senajan ajaran iku asale saka wong pidak pideran( kaum rendah,miskin,pangkate cilik), nanging yen ajaran utawa piwulang iku mau becik,patut ditiru.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Ajaran yang benar itu patut diikuti, meskipun berasal dari orang yang rendah derajatnya, namun jika baik ajarannya, maka ajaran tersebut pantas diterimanya.

Tegese tembung :

 Pitutur : nasehatApantes : ora pantesSudra : papa, asor, nistha, ora duwePapeki : sembrana,kurang ngati-ati, sengsaraLamun : manawaWuruk : mulang, ngajari

  ( Pada 04 )

Ana pocapanipun

adiguna adigang adigung

pan adigang kidang adigung pan esthi

adiguna ula iku

telu pisan mati samyoh.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :

Ana unen-unen /paribasan kang unine adigang adigung adiguna, adigang/kekuatan dilambangake kewan kidang, adigung/kaluhuran dilambangake gajah kewan kang gedhe, adiguna /mupangat/kegunaan dilambangake ula. Nanging telu-telune mati bareng.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Ada kiasan yang berbunyi adigang,adigung,adiguna: adigang kiasan kijang, adigung kiasan gajah, dan adiguna kiasan ular. Ketiganya mati bersamaan.

Tegese tembung :

Pocapan : ucapan, paribasanAdigang : ngendel-ngendelake kekuatan ( kidang )Adigung : ngendelake keluhurane/derajat ( gajah ) Adiguna : ngendelake kapinterane ( ula ) Esthi : gajah Sampyoh : bareng

( Pada 05 )

Sikidang umbagipun

ngendelaken kebat lumpatipun

pan si gajah ngendelaken gung ainggil

ula ngendelaken iku

mandine kalamun nyakot

Terjemahan bebas mawa basa jawa :

Kidang minangka kewan kang banter playune, gajah angkuh amarga awake gedhe dhuwur, ula angkuh amarga upase/ racun yen nyakot.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Tabiat si kijang adalah menyombongkan kecepatn berlari,si gajah menyombongkan tubuhnya yang tinggi besar, sedangkan si ular menyombongkan bisanya yang ganas jika menggigit.

Tegese tembung :

Umbag : watak,rumangsa luwihKebat : banter

  ( Pada 06 )

Iku upamanipun

aja ngendelaken sira iku

suteng  Nata iya sapa kumawani

iku ambege wong digung

ing wasana dadi asor.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :

Iku kabeh mug unen-unen. Aja angkuh lan congkak amarga saka trah raja/bangsawan.duwe panggangep ora ana wong liya kang wani marang dheweke. Iki kabeh tingkah laku adigung/sombong. Kaya mangkono bakal ngasorake drajatmu dhewe.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Itu semua hanya perumpamaan, janganlah kau menyombongkan diri karena dirimu keturunan putra raja sehingga merasa tidak mungkin ada yang berani, itu tabiat yang adigung, ujung-ujungnya merendahkanmu sendiri.

Tegese tembung :

1.      Sira : awakmu

2.      Suteng : suta + ing : suta : anak

3.      Nata : raja

4.      Ambeg : watak

5.      Wasana : akhire

6.      Asor : ala

maaf ga muat harusnya ad 16 di catatanku

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh saky01gamming dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 06 Dec 22