gawekno geguritan sandi asma Muhammad Andika Saputra​

Berikut ini adalah pertanyaan dari antonpermana575 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Gawekno geguritan sandi asma Muhammad Andika Saputra​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Gawe Geguritan saka Sandi Asma Muhammad Andika Saputra

Bakal Bali

Meneng lan anteng batinku

Uga nyawang fotomu

Hawane atine saya tentrem

Adem ayem tak rasakake

Masio adoh panggonanmu

Masio suwe lungamu

Ananging warta saka kowe

Dadi bungahe atiku

Abot lan angel pancen

Nanging kahanan kudu dimangerteni

Dewe ing kene aku ora apa-apa

Ikhlas tak lakoni

Kanthi suwe mesthi tak enteni

Aku lila

Paribasane nemu dalan buntu

Rumangsa rekasa

Ananging kudu tak lakoni

Tansah percaya

Aku bakal kepethuk kowe

Mung bisa dedonga marang Gusti

Arep-arep kowe bakal bali

PEMBAHASAN:

Gegueitan yaiku salah sawijining karya sastra kang awujud saka rasa ing ati kang diungkapake pangripta (penyair) nganggo basa kang duwe irama, rima, mitra, bait lan penyusunan lirik kang duwe arti lan ing lirik geguritan.

Geguritan sandi asma yaiku geguritan kang kawitane nanggo jenenge wong.

Carane Gawe Geguritan Nanggo Sandi Asma

  1. Temtokake jeneng (asma) utawa ukara kang arep didadekake sandi asma
  2. Atur ukarane kanthi mengisor (vertikal)
  3. Isi saben baris huruf sing mapan mengisor mau
  4. Nggolek diksi utawa milih ukara sing pas karo tema
  5. Ngembangake ukara saka diksi sing wis digoleki mau
  6. Revisi utawa teliti maneh geguritan sandi asma sing wis di gawe

____________________________

Pelajari lebih lanjut

Materi tentang geguritan

yomemimo.com/tugas/9778649

yomemimo.com/tugas/25327613

yomemimo.com/tugas/10892699

Tuladha saka Geguritan

yomemimo.com/tugas/166321

____________________________

Detail jawaban

Mapel: Bahasa Daerah

Materi: Gawe geguritan Saka Sandi Asma

Kelas: 10

Kode: 10.13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Jofia11 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 15 May 23