buatlah pidato bertema lingkungan (pke bhsa jawa)​

Berikut ini adalah pertanyaan dari rhasyabaihaqie123 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Buatlah pidato bertema lingkungan (pke bhsa jawa)​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Kebersihan lingkungan

Pembukaan

Assalamualaikum warrahmatulahi wabarakatuh

Sugeng siyang Bapak Camat lan Bapak Lurah ingkang kula khurmati.

Sugeng siyang ugi katur dhumateng para warga Desa Bangunjaya ingkang kula tresnani.

Sumangga kita sami-sami ngunjokaken puja lan raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, awit saking kanugrahanipun kita saged kempal wonten papan ngriki tanpa wonten alangan.

isi

Para sedherek ingkang kula khurmati.

Menawi kita gathekaken sesarengan, larahan ingkang dipunbucal kanthi sembranan mujudaken salah satunggaling perkawis ingkang saged nuwuhaken kapitunan tumrap kita sedaya.

Dumadosipun banjir sarta wontene penyakit demam berdarah punika menawi dipunliti satemene disebabaken saking wonten larahan ingkang dipunbucal kanthi sembranan.

Mulanipun supados kahanan kados mekaten boten ngantos dumadi ing desa kita. Prayoginupun tumindak mbucal larahan kanthi sembranan enggal dipungkasi.

Dene tumrap larahan ingkang sampun keladhuk kabucal kanthi sembranan. Bakal diklempakaken sesarengan kanthi adicara gugur gunung ingkang badhe kaleksanan ing dinten setu ngajeng.

Ing adicara punika, bapak dalah ibu warga Bangunjaya kasuwun palilahipun nglodhangaken wekdal saha tenaga kagem reresik lingkungan.

Panutup

Kula kinten cekap semanten atur kula. Menawi wonten kirang langkunge. Kula nyuwun agunge pangaksami.

Wassalamualauikum warahmatullahi wabarrakatuh

Semoga bermanfaat ✨

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh cantikafatmara dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 13 Jun 23