1. Apa tegese Tembang Macapat? 2. Apa wae Jinis-Jinise Tembang

Berikut ini adalah pertanyaan dari pharao pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

1. Apa tegese Tembang Macapat? 2. Apa wae Jinis-Jinise Tembang Macapat? 3. Apa wae Paugeran sajrone Tembang Macapat? 4. Andharna sasmita lan wewatekane Tembang Macapat? 5. Kepriye carane supaya gampang anggone ngarang Tembang Macapat? ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Tembang macapat uga duarani tembang cilik. Tembang utawa sekar yaiku rumpakan basa kanthi paugeran tartamtu kang pangucape kudu nggunakake kagunan swara. Mula ing tembang macapat ana perangan rasaning swara (titilaras) lan rasaning basa (sastra).

Tembang macapat cacahe ana 11

1. Maskumambang (watake kelara-lara/sengsara)

2. Mijil —>sasmitane: wijil, mijil, miyos, utawa rarasati (watake gandrung/prihatin)

3. Sinom—>sasmitane: anom, taruna, srinata, ron kamal, pengrawit, lan logondhang (watake wantah)

4. Kinanthi—>sasmitane: kinanthi, kanthi, utawa sinartan (watake asih lan asuh)

5. Asmarandana—>sasmitane: kasmaran, asmara, brangti, kingkin, utawa dana (watake luwes lan manis)

6. Gambuh—>sasmitane: gambuh, tambuh, anut, wimbuh (watake rada sereng)

7. Dhandhanggula—>sasmitane: sarkara, manis, madu, dhandhang (watake luwes)

8. Durma—>sasmitane: durma utawa mundur (watake  seru lan sereng banget)

9. Pangkur—>sasmitane: pungkur, kur, kepungkur (watake sereng)

10. Megatruh—>sasmitane: andhudhuk, megat, truh, pegat (watake getun, keduwung, prihatin)

11. Pucung—>sasmitane: pucung, cung, kaluwak (watake sasenenge)

Saben tembang macapat kaiket wewaton/paugeran Guru gatra(cacahing gatra saben sapada), guru wilangan(cacahing wanda saben sagatra) lan guru lagu(dhong-dhinge swara saben pungkasan gatra)

Carane gawe tembang Macapat

1. Nemtokake tembang apa kang arep digawe

2. Mangerteni paugerane

3. Nemtokake tema

4. Gawe ukara kang trep karo paugerane

semoga membantu jadikan terbaik yaaaaaa.....

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh anisaalza6 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 03 Jul 23