Wacan 2NARIMA ING PANDUMTembung narima ing pandum wis kerep dirungu

Berikut ini adalah pertanyaan dari yeohwanwoong272 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Wacan 2NARIMA ING PANDUM

Tembung narima ing pandum wis kerep dirungu lan diucapake, nanging satemene angel yen dilakoni sajrone urip sedana-dinane. Pancen isih akeh banget wong kang ora bias nampa kahanan kang kudu ditampa. Akeh wong owah pikire saka anggone susah kedlarung- dlarung, kapara malah ora sithik sing nganti nekat lampus dhiri. Kanyatan iku nuduhake yen satemene wong-wong mau during bias nindakake rasa narima ing pandum.

Narima ing pandum ngemu teges nampa kanthi ikhlas apa sing ditampa lan apa sing diasilake. Unen-unen iki mujudake wewarah becik kanggo nggegulang watak kang luhur, yaiku watak pasrah lan ikhlas mring peparing lan kuwasaning Gusti Kang Murbeng Dumadi. Wewarah iki ana sambung rapete karo kapercayan pribadi ing babagan kodrate manungsa sing minangka kawulane Gusti. Tegese, manungsa minangka titah sawantaka paringan kawenangan ndonga lan mbudidaya sak uwate tenaga, nanging ora wenang mestekake asil utawa pikolehe kang kudu jumbuh karo apa kang dikarepake. Kabeh pepesten mau mung kagungane Gusti kang Akarya Jagad.

Minangka tuladha, umpamane ana wong kang anggone nyambut gawe wis mempeng banget, paribasan sirah kanggo sikil, sikil kanggo sirah lan ya wis ora kurang-kurang anggone mbudidaya kanthi donga lan ikhtiyar, nanging sanyatane asile ora sepiroa, kadang kala malah nandhang kapitunan. Yen lagi nandang kahanan kang kaya mangkene iki, minangka manungsa lumrah wis samestine atine banjur susah, lan ngresula. Yen wong sing cekak pikire, sing ora bias nampa kahanan mau kanthi iklas, bisa-bisa pikirane malah ngambyawara nganti kumawani nyalahake Gusti Allahe, sing jare ora adil. Nanging beda, yen manungsa mau eling marang pitutur narima ing pandum, anggone susah lan ngresula mau ora bakal kedawa-dawa. Kanggo munggel pikiran kang susah ben ora kebacut mutung, enggal-enggal nglenggana pasrah mring kuwasaning Gusti. Wusana gelem nampa kahanan mau kanthi lila legawa lan percaya yen kabeh mau mung wujud pacobaning urip.

Saka kapercayane ati mring kuwasaning Gusti Kang Maha Kuwasa, malah tan saya sengkut anggone makarya lan tansaya nggentu anggone donga. Awit wong kang kaya mangkene iki, percaya yen Gusti Allah ora sare, lan bakal paring kamulyan marang wong kang sabar, lan iklas nampa pacobaning urip.

Dadi cethane, ngecakake unen-unen narima ing pandum ing bebrayan iku pancen dudu prakara gang gampang. Sing bias nglakoni mung wong-wong sing duwe watak sabar, kang utamane tansah caket mring Gusti Allahe. Mung wong-wong kang duwe kapercayan kang kuwat, yen ta manungsa mono mung saderma nglakoni. Paribasan manungsa iku mung dadi wayang, kari manut marang karepe dalang.

Sawise nyemak kanthi setiti wacan ing dhuwur, wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki!
1) Manut wujude, apa bedane wacan 1 karo wacan 2 ?
2) Kanggo mangerteni isi lan gagasane, manut panemumu luwih gampang wacan sing endi?
3) Sakwise mangsuli pitakonan nomer 2, banjur terangna alesanmu!
4) Terangna lan sebutna apa wae bedane basa kang digunakake ing wacan siji lan wacan kaloro karo kanca sabangkumu!​
Wacan 2NARIMA ING PANDUMTembung narima ing pandum wis kerep dirungu lan diucapake, nanging satemene angel yen dilakoni sajrone urip sedana-dinane. Pancen isih akeh banget wong kang ora bias nampa kahanan kang kudu ditampa. Akeh wong owah pikire saka anggone susah kedlarung- dlarung, kapara malah ora sithik sing nganti nekat lampus dhiri. Kanyatan iku nuduhake yen satemene wong-wong mau during bias nindakake rasa narima ing pandum.Narima ing pandum ngemu teges nampa kanthi ikhlas apa sing ditampa lan apa sing diasilake. Unen-unen iki mujudake wewarah becik kanggo nggegulang watak kang luhur, yaiku watak pasrah lan ikhlas mring peparing lan kuwasaning Gusti Kang Murbeng Dumadi. Wewarah iki ana sambung rapete karo kapercayan pribadi ing babagan kodrate manungsa sing minangka kawulane Gusti. Tegese, manungsa minangka titah sawantaka paringan kawenangan ndonga lan mbudidaya sak uwate tenaga, nanging ora wenang mestekake asil utawa pikolehe kang kudu jumbuh karo apa kang dikarepake. Kabeh pepesten mau mung kagungane Gusti kang Akarya Jagad.Minangka tuladha, umpamane ana wong kang anggone nyambut gawe wis mempeng banget, paribasan sirah kanggo sikil, sikil kanggo sirah lan ya wis ora kurang-kurang anggone mbudidaya kanthi donga lan ikhtiyar, nanging sanyatane asile ora sepiroa, kadang kala malah nandhang kapitunan. Yen lagi nandang kahanan kang kaya mangkene iki, minangka manungsa lumrah wis samestine atine banjur susah, lan ngresula. Yen wong sing cekak pikire, sing ora bias nampa kahanan mau kanthi iklas, bisa-bisa pikirane malah ngambyawara nganti kumawani nyalahake Gusti Allahe, sing jare ora adil. Nanging beda, yen manungsa mau eling marang pitutur narima ing pandum, anggone susah lan ngresula mau ora bakal kedawa-dawa. Kanggo munggel pikiran kang susah ben ora kebacut mutung, enggal-enggal nglenggana pasrah mring kuwasaning Gusti. Wusana gelem nampa kahanan mau kanthi lila legawa lan percaya yen kabeh mau mung wujud pacobaning urip.Saka kapercayane ati mring kuwasaning Gusti Kang Maha Kuwasa, malah tan saya sengkut anggone makarya lan tansaya nggentu anggone donga. Awit wong kang kaya mangkene iki, percaya yen Gusti Allah ora sare, lan bakal paring kamulyan marang wong kang sabar, lan iklas nampa pacobaning urip.Dadi cethane, ngecakake unen-unen narima ing pandum ing bebrayan iku pancen dudu prakara gang gampang. Sing bias nglakoni mung wong-wong sing duwe watak sabar, kang utamane tansah caket mring Gusti Allahe. Mung wong-wong kang duwe kapercayan kang kuwat, yen ta manungsa mono mung saderma nglakoni. Paribasan manungsa iku mung dadi wayang, kari manut marang karepe dalang.Sawise nyemak kanthi setiti wacan ing dhuwur, wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki!1) Manut wujude, apa bedane wacan 1 karo wacan 2 ?2) Kanggo mangerteni isi lan gagasane, manut panemumu luwih gampang wacan sing endi? 3) Sakwise mangsuli pitakonan nomer 2, banjur terangna alesanmu! 4) Terangna lan sebutna apa wae bedane basa kang digunakake ing wacan siji lan wacan kaloro karo kanca sabangkumu!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

1) Beda antara Wacan 1 dan Wacan 2 terletak pada konteks dan isinya. Wacan 1 menggambarkan kesulitan dalam menerima nasib dan pandangan bahwa banyak orang tidak mampu menerima keadaan yang harus dihadapi. Sementara itu, Wacan 2 menjelaskan makna sejati dari menerima nasib dengan ikhlas dan ikhtiar, serta meyakini bahwa segala sesuatu terjadi atas kehendak Tuhan.

2) Menurut pendapatku, lebih mudah memahami pesan dan maksud Wacan 2. Wacan ini menjelaskan pentingnya menerima nasib dengan ikhlas, percaya pada kekuatan Tuhan, dan menjalani hidup dengan penuh kesabaran.

3) Alasan di balik pilihan tersebut adalah karena Wacan 2 memberikan pesan positif tentang pentingnya sikap menerima nasib dengan ikhlas dan mengandung harapan serta pengertian spiritual yang lebih mendalam.

4) Bedanya adalah bahwa dalam Wacan 1 digunakan bahasa yang lebih sulit dipahami, dengan frasa dan kalimat yang kompleks. Sedangkan dalam Wacan 2, bahasa yang digunakan lebih sederhana dan lebih mudah dipahami.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh fadhilzakimunawwar11 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 31 Aug 23