Buatlah geguritan menggunakan awalan huruf menggunakan nama mu M.U.H.A.M.M.A.D.H.I.K.A.M.R.I.F.A.I​

Berikut ini adalah pertanyaan dari hilmisaputra323 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Buatlah geguritan menggunakan awalan huruf menggunakan nama mu M.U.H.A.M.M.A.D.H.I.K.A.M.R.I.F.A.I​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Gawe Geguritan saka Sandi Asma Muhammad Hikam Rifai

Nemoni Mulya

Mumpung umur isih enom

Uga wektu isih akeh

Hawane ati kudu padhang

Awak uga isih kuwat kaya kawat

Mempeng olehe ngupaya

Mesthi mbesok nemoni mulya

Aja nganti males

Dadi bocah sing pinter lan sregep

Hawane pikiran kudu ditata

Ilangi kabeh rasa sing ala

Kang ndadheake kuciwa

Aja nganti lali dedonga marang Gusti

Masio angel lakoni wae

Rumangsa soro lan rekasa

Isone pancen kudu kangelan

Fikiran aja nganti kothong mlompong

Amrih apik diisi bab kang mupangati

Ikhlas lan sabar kudu dilakoni

Pembahasan:

Geguritan yaiku salah sawijining karya sastra kang awujud saka rasa ing ati kang diungkapake pangripta (penyair) nganggo basa kang duwe irama, rima, mitra, bait lan penyusunan lirik kang duwe arti lan ing lirik geguritan.

Geguritan sandi asma yaiku geguritan kang kawitane nanggo jenenge wong.

Carane gawe geguritan nganggo sandi asma:

  1. Temtokake jeneng (asma) utawa ukara kang arep didadekake sandi asma.
  2. Atur ukarane kanthi mengisor (vertikal).
  3. Isi tiap baris huruf sing diatur vertikal mau.
  4. Nggolek diksi utawa milih ukara sing pas karo tema.
  5. Ngembangake ukara saka diksi sing wis digoleki mau.
  6. Revisi utawa teliti maneh geguritan sandi asma sing wis di gawe.

____________________________

Pelajari lebih lanjut

Materi tentang geguritan

yomemimo.com/tugas/9778649

yomemimo.com/tugas/25327613

Materi tentang tuladha geguritan

yomemimo.com/tugas/1911433

____________________________

Detail jawaban

Mapel: Bahasa Daerah

Kelas: 10

Kode: 10.13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Jofia11 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 07 May 23