golekna 1 contoh pengalaman ana ing museum nganggo basa Jawa!!

Berikut ini adalah pertanyaan dari Syifxzu16 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Golekna 1 contoh pengalaman ana ing museum nganggo basa Jawa!! ​
golekna 1 contoh pengalaman ana ing museum nganggo basa Jawa!! ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Taun wingi, wayah prei sekolah, aku sak keluwarga plesiran menyang Yogyakarta. Saka Sala, aku numpak sepur. Mlaku-mlaku menyang Jogja, obyek wisata Keraton lan Malioboro dadi panggonan sing wajib ditekani. Loro panggonan wisata kasebut wis dadi ikone Yogyakarta kang wis kondhang tekan mancanegara. Nanging, kurang manteb rasane yen ora nerusake plesirane menyang Candhi Barabudhur.

Sakjane Candhi Barabudhur iki kalebu wilayah Jawa Tengah. Nanging Yogyakarta luwih cedhak ketimbang saka Semarang. Mulane aku lan keluwargaku langsung wae nyewa montor travel kanggo dolan menyang candhi Buddha paling gedhe sakdonya iku. Sakwise kurang luwih sak jam numpak montor, akhire tekan ing komplakes Candhi Barabudhur.

Sakwise montore dipakirke, aku lan keluwargaku banjur mlaku ngliwati dalan menyang candhi. Akeh bakul panganan lan omben-omben. Ana uga bakul topi lan tukang sewa payung.

Menawa arep mlebu kompleks Candhi Barabudhur, awakedhewe kudu mbayar tiket Rp30.000,- / wong. Awakedhewe uga ora oleh nggawa panganan kaya sega bungkus jalaran bisa gawe reget kompleks wisata candhi. Yen nggawa omben-omben ora apa-apa. Pas mlebu, ana perugas sing bakal mriksa para wisatawan. Yen konangan nggawa panganan sing dilarang, kudu nitipke ana ing panggonan nitip tas. Untung, keluwargaku ora ana sing nggawa sega bungkus.

Ing areal taman sakiwa tengene Candhi Barabudur, tak delok akeh anak-anak sing seneng banget numpak gajah lan ana uga sing numpak jaran. Dene aku terus mlaku menyang candhi. Lumayan kesel mlaku, ngliwati undhak-undhakan sing dhuwur.

Akhire aku tekan ing Candhi Barabudhur. Saka candhine, aku bisa nyawang pemandangan ing sakiwa tengene. Aku bisa nyawang Gunung Merapi. Pas mlaku munggah Candhi Barabudhur, aku bisa ndelok relief kang nyritakake Buddha Gautama. Awakedhewe kudu mlaku mubeng supaya bisa ngerti critane relief kasebut. Awakedhewe uga bisa ndelok arca-arca kang ana ing candhi iki.

Sakwise laku ngubengi Candhi Barabudhur pancen gawe kesel, akhire tekan panggonan dhuwur dhewe kang ana stupane. Saka kono, aku bisa nyawang endahing pemandangan kang asri.

Wis katog ing candhi, aku lan keluargaku banjur mudhun. Ing sakpinggirie adlan metu saka Candhi Barabudhur akeh wong dodolan oleh-oleh. Nanging, aku lan keluwargaku ora ana sing kepengin mergane pengin cepet bali menyang Yogyakarta maneh lan nginep ing kana rong dina maneh.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh saantiii0605 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 26 Nov 22