Salinen Dadi Basa Ngoko Alus, Krama Lugu, Lan Krama Alus!1.

Berikut ini adalah pertanyaan dari tannkulbet pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Salinen Dadi Basa Ngoko Alus, Krama Lugu, Lan Krama Alus!1. Aku Wingi Dolan Ning Omahmu.

2. Bapak Mulih Saka Surabaya Nggawa Sepatu.

3. Ibu Lunga Menyang Jakarta Tuku Buku.

4. Mas Basuki Mangan Sego Jagung Ing Omahe Warsito.

5. Winarti Budhal Ngaji Numpak Sepedah.​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara dadi ragam basa.

1. Aku Wingi Dolan Ning Omahmu.

- Ngoko Alus : kula wingi dolan ning daleme panjenengan.

- Krama lugu : kula wingi dolan ten griyane sampeyan.

- Krama alus : kula kalawingi dolan dhateng dalemipun panjenengan.

2. Bapak Mulih Saka Surabaya Nggawa Sepatu.

- Ngoko Alus : bapak kondur saka Surabaya ngasta sepatu.

- Krama lugu : bapak wangsul saking Surabaya bektha sepatu.

- Krama alus : bapak kondur saking Surabaya ngasta sepatu.

3. Ibu Lunga Menyang Jakarta Tuku Buku.

- Ngoko Alus : ibu tindak menyang Jakarta mundhut buku.

- Krama lugu : ibu kesah dhateng Jakarta tumbas sepatu.

- Krama alus : ibu tindak dhateng Surabaya mundhut sepatu.

4. Mas Basuki Mangan Sego Jagung Ing Omahe Warsito.

- Ngoko Alus : mas Basuki dhahar sega jagung ing daleme Warsito.

- Krama lugu : mas Basuki nedha sekul jagung wonten griyane Warsito.

- Krama alus : mas Basuki dhahar wonten dalemipun Warsito.

5. Winarti Budhal Ngaji Numpak Sepedah.

- Ngoko Alus : Winarti bidhal ngaji nitih sepeda

- Krama lugu : Winarti bidhal ngaos nitih sepedha.

- Krama alus : Winarti bidhal ngaos nitih sepedha.

----------------------------------

Pembahasan

Unggah ungguh basa iku kaperang ana 4 :

1. BASA NGOKO LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lugu kabeh.

Titikane :

  • basane Ngoko kabeh
  • ater ater lan panambange ora dikramakake

Tuladha :

  • mbak Husna tuku beras
  • ibu ngombe jamu

2. BASA NGOKO ALUS

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lan basa Krama.

Titikane :

tembunge Ngoko lan dicampur karo Krama

  • sing dikramakake yaiku ; tembung perangene awak, sandhangan sarta kriyane = kata kerjane)
  • ater ater lan panambange ora dikramakake

Tuladha :

  • mbak Husna mundhut beras
  • ibu ngunjuk jamu

3. BASA KRAMA LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Krama lugu kabeh.

Titikane :

  • basane Krama
  • tembunge ora dicampur karo Krama Alus
  • ater ater lan panambange dikramakake

Tuladha :

  • mbak Husna tumbas uwos
  • ibu ngunjuk jampi

4. BASA KRAMA ALUS/ INGGIl

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Krama alus kabeh, tanpa kecampuran basa Ngoko. Dadi basane luwih alus lan luwih ngajeni.

Titikane :

  • basane Krama Alus kabeh
  • ater ater lan panambange dikramakake
  • sing dikramakake yaiku : perangene awak, sandhangan lan kriya = kata kerjane)

Tuladha :

  • mbak Husna mundhut uwos
  • ibu ngunjuk jampi.

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 05 Feb 23