contoh pidato bhs jawa tentang tasyakuran​

Berikut ini adalah pertanyaan dari Chifuyuandbaji pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Contoh pidato bhs jawa tentang tasyakuran​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.

Langkung rumiyen monggo kito sareng-sareng ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang sampur, maringi nikmat lan hidayahipun sehinggo wakdal niki kito sandugeni undanganipunbapak;…. ingkang nggadah hajatan arur. tasyakuran ngenggeni griyo anyar.

Lajeng shalawat ugi salam mugiyo tetep dipun paringaken dumateng nabi kito Muhammad saw., keluarganipun, poro sahabatipun ugi kaum muslimin sedoyo ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kanthi estu lan leres. Mugiyo kito sedoyo dados umat beliau ingkang purun ngelampahi ajaran Islam. kelawan estu-estu lan leres.

Sedoyo udangan ingkang kulo hormati.

Perlu sedoyo undangan sumerapi mbok beleh bapak;…..wakda.

niki raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt. keranten nopo ingkang dipun arep-arepaken kaliyan sekeluarga sakniki sampun dipun kabulaken. Inggih meniko dipun paringi saget mbangur griyo ingkang sahe, kados mekaten niki. Lan semanten ugi raos syukuripun bapak; …..sekeluarga, kito dipun undang kaperlu nderek tasyakuran sareng-sareng.

Pramilo saking niku bapak; ….. nyuwun do’a restuipun

dumateng panjenengan sedoyo, mugiyo nikmat ingkang dipun

terami bapak;…..niki saget barokah, wonten manfaatipun lan

ugi ndadosaken parekipun dumateng Allah. Kelawan tambah nikmat niku ugi saget nyaheni lelampahanipun ugi amalan amalan lintunipun.

Lan bapak;…..nyuwun agunge pangapunten beleh wonten

kekiranganipun, nopo niku arupi pasogatan lan lintu-lintunipun

Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.

Kulo lan panjenengan sedoyo meniko kedah senantiasa raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang sampun maringi pinten-pinten nikmat. Kito ugi kedah enget mbok beleh bersyukur niku saget nambahi nikmat, maksudipun sinten ingkang raos syukur dumateng ngersanipun Allah, milo saking niku bakal ditambah dening Allah swt. Lan kito kedah enget mbok beleh kito dipun larang kufur nikmat. Syukur dateng nikmat ingkang dipun paringaken Allah, niku mboten cekap diucapaken mawon, ananging kito kedah buktekaken kelawan perbuatan lan lelampahan ingkang dipun perintah Allah.

Undangan sedoyo ingkang kulo hormati.

Mekaten sambutan kulo atas nami saking bapak;…. sekeluarga, mugiyo saget kito fahami, sehinggo kito saget ugi ngamalaken ing dalem gesang kito saben dinten.

Akhirul Kalaam. Ihdinash Shiraathal Mustaqiim. Wassalamu-’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh viralintang211 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 12 May 22