Nalika swasana ing pendhidhikan saya klawu, lelakon iki dakgurit kanthi

Berikut ini adalah pertanyaan dari wuizu pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Nalika swasana ing pendhidhikan saya klawu, lelakon iki dakgurit kanthi endah. Kangmas Subagya, endahing pasuryamu nuwuhake rasa, gunemanmu tansah tinali ing dhadha Nanging kuwi mung arupa semburat mekaring kembang Woh Naga. Tegese, mung sedhela banget. Kowe gawe cuwaning atiku nalika luwih milih wanodya liya ketimbang akuWutuhe wis limang taun Mas Bagya lunga kanggo nempuh pendhidhikan kaprajuritan Miturut janjine, dheweke bakal bali kanggo nglamar aku. Bungah atiku yen kelingan jaman semana. Nalika ing ngisor wit asem aku lan Mas Bagya padha ngiyup marga udane deres Adhem banget dina kuwi, angin sumilir nerak iline banyu saengga papan anggonku lungguh trocoh.
Ana cowok marani aku, banjur mayungi sirahku nganggo tase, Nalika aku temenga, jebul

pawongan kuwi Mas Bagya Bungah banget atiku. Apa kaya ngene iki ya rasane wong kang nandhang wuyung? Hawa adhem kesirep hawa anget kan njangget. Udane wis terang mendhunge wis padhang Aku lan Mas Bagya banjur reruntungan mulih "Dhik, yen mbesuk aku wis oleh limang taun pendhidhikan, aku bakal bali kanggo naleni awakmu," ujare Mas Bagya Ora ana angin liwat, udan ya wis terang, bledheg apa maneh. nanging kok bisa-bisane Mas Bagya kandha ngono. Kamangka anggonku akrab isih saumure

jagung. Aku mung mesem. "Ora prelu kokwangsuli saiki, nanging pikiren wiwit saiki!" Guneman mau kapedhot amarga aku wis tekan ngarep omah. Aku cepet mlebu omah

tanpa ngajak mampir Mas Bagya amarga samar yen konangan, aku ngempet isin campur

seneng "Aku ora mampir dhisik ya," ujare Mas Bagya karo mesem. Aku ora nggape jalaran wis kebacut mlayu mlebu omah

"Dhik, Dhik, kowe mangkat ora?" swarane Mas Bagya mbubarake lamunanku. "Iya, Mas. Entenana sedhela ya, iki wis gari sepaton," sumaurku.

Sadawane dalan tumuju papan pawiyatan, Mas Bagya meneng wae: Ana apa ya kira-kira? Kok kahanan iki ora kaya biyasane.

"Dhik.

Lelamunku dibuyarake maneh dening swarane Mas Bagya.

"Aku bakal manut bapak, melu pendhidhikan dadi prajurit. Cethane ora saiki, nanging mengko yen wis lulus SMA." Aku mung meneng, ora bisa sumaur apa-apa. Aku durung bisa nrima kahanan iki. Nanging

aku sadhar yen ora kuwawa menging Mas Bagya kang arep nggayuh cita-citane. "Dhik, aku ngerti iki abot kanggomu. Ning dakjaluk setyamu marang aku. Entenana aku.

aja nganti ana jaka liya manggon ing atimu kejaba aku." Aku ora sumaur mung luhku tumetes.

Sewu purnama waleh daksambat ngenani rasa kapangku marang Mas Subagya. Layang kitir arupa geguritan wis dakkirim marang Mas Bagya. Pangajabku muga Mas bagya gelema mbales layangku. Mung kuwi, ora luwih. Banjur kang dadi kekarepanku kawujud, nanging kahanan ora trep karo sing dakangen-angen. Aku mung njaluk layangku mau diwangsuli ngenani kahanane Mas Bagya ing markase. Jebul aku entuk layang ing perangan isine

mangkene.

Bismillahirrohmanirrahim Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Nambut Silaning Akrami: Inggit Kusumawati (Banyuwangi) fan Subagya

Pramono (Kertosono) dhaup suci (akad nikah):

Dinten

Surya kaping

Wanci tabuh

Jemuwah Kliwon 15 Agustus 1993

08.00-12.00 WIB

Papan

Dusun Bulusari, Desa Grajagan, RT 002 RW 004, Kec. Purwoharjo, Kab. Banyuwangi

Buyar, ambyar, keranta-ranta, wis ora ana tembung kang bisa kanggo njlentrehake kahananing atiku. Kang njalan luwih lara maneh yaiku dluwang cilik kang nylempit ing pojok layang. Dakwaca surasane, "Dhik, apuranen aku, Iki kahanan abot banget kanggoku. Masmu iki wis diolehne karo wanita liya. Bapak ngendika yen kepengin munggah pangkat kudu manut carane bapak Aku kepengin munggah pangkat supaya oleh gaji sing gedhe kanggo nikahi sliramu, Dhik. Ora nyana yen cara sing dikarepake bapak jebul aku bakal diolehake putrine komandhane. Sepisan maneh apuranen aku. Subagya."




Pitakon iki wangsulana kanthi patitis!

a. Apa temane cerkak kasebut?
b. Sapa ta Subagya iku?
c. Sebutna paraga-paraga sajroning cerkak kasebut!
d. Kepriye uga wewatekane AKU?
e. Kepriye wewatekane Subagya?
f. Kepriye setting waktu lan papane? g. Kepriye alur critane?
h. Pesen moral apa sing bisa dijupuk saka isine cerkak kasebut? ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Buset anjir, banyak betul, ini harusnya di foto trs bagian mana yang penting di ketik supaya mudah untuk menjawab pertanyaannya

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh acellarahma403 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 08 Apr 23