Unsur intrinsik in cerita mula bukane desa bugelcerita ne

Berikut ini adalah pertanyaan dari athag736 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Unsur intrinsik in cerita mula bukane desa bugelcerita ne
Mula bukane madege desa Bugel kuwi nalika pertengahan abad XVI. Nalika semana ana Waliullah kang rawuh ing tanah Jawa. Penjenengane kagungan asmaMaulana Mangun Sejati. Maulana Mangun Sejati utawa kang kawentar kanthi asma Syekh Maulana asale saka Arah lan ngumbara tekan nuswantara saperlu dakwah nyebarake agama Islam. Olehe ngumbara tekan tanah Jawa ora gampang. Akeh pepalang kang dialami Senajan mangkono, sekabehane pepalang ora nyuda anggone labuh kanggo dakwah. Kabeh pepalang diadhepi kanthi sabar, mula Maulana Mangun Sejati bisa tumeka ing Jepara.

Ing satengahe dalan dumadakan ana grompolan rampok kang ngadhang Syeh

Maulana. Grombolan rampok mau cacahe wong sepuluh. Wong akeh rampok mau

pengin ngrampas barang-barang gawane Syeh Maulana. Syeh Maulana ora wedi

ngadhepi para rampok mau. Panjenengane ora kersa menehake barang-barange. Syeh

Maulana kukuh njaga bandha donyane supaya ora dijaluk para rampok. Kahanane

nggegirisi banget, amarga para rampok ngupaya ngrampas bandha donyane. Syekh

Maulana wis ora bisa ngendhani meneh gelutan karo para rampok. Grombolan rampok nyerang Syekh Maulana. Para rampok nggawa gebug saka kayu. Kanthi bebarengan para rampok mau nyerang Maulana Mangun Sejati. Gebug kayu mau dikeprukake ing badane Syeh Maulana. Ananging nalika gebug kayu mau ngenani badane Syeh Maulana, gebug kayu mau padha tugel dadi cilik-cilik. Ora mangu- mangu meneh, Maulana Mangun Sejati kagungan kasekten kang ngedab-edabi. Perkara kuwi mau ndadekake para rampok padha wedi. Grombolan rampok mau ora nyana yen gebug kayu kang digunakake, bisa ajur kanthi gampang amarga kena badane Syeh Maulana

Para rampok mau pungkasane mung pasrah. Sekabehane padha ngakon kasektene Maulana Mangun Sejati. Syekh Maulana menehi pangapura marang

tumindake grombolan rampok mau. Wusanane, para rampok mau dadi murid lan pandhereke Syekh Maulana.

Kanggo ngeling-eling kedadean mau, papan panggonan kuwi diarani Bugel. Tembung Bugel asala saka tugel-tugel, yaiku kedadean gebug kayu kang tugel-tugel. Panggonan kuwi mau sansaya regeng, akeh wong-wong kang mapan ana kono. Mula, sansaya suwe sansaya ngrembaka dadi sawijining dukuh lan desa kang kawentar kanthi aran Desa Bugel. Pasareane Mulana Mangun Sejati kang mapan ana ing desa kono, asring ditekani para peziarah. Makamu kuwi dipercaya dening bebrayan nduweni karomah, mula akeh para peziarah kang teka saka kutha liya.​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Unsur intrinsik crito ing ndhuwur

1. Tema = asal usule panggonan sing jenenge Desa Bugel.

2. Tokoh

  • Syeh Maulana Mangun Sejati.
  • Grombolan rampok.

3. Alur = Maju

4. Setting

  • Panggon: Desa Bugel.
  • Wektu: Pertengahan abad XVI.
  • Swasana: Khidmat.

5. Amanat = Urip kudu sing apik, aja seneng nglakokake penggawean ala. Sebab mben bakal oleh walesane.

6. Basa = Ngoko Lugu.

Pembahasan

Dalam suatu cerita terdapat dua macam unsur yang membangun di dalamnya, yaitu unsur intrinsik dan unsur ekstrinsik. Unsur intrinsik adalah unsur yang membangun cerita dari dalam. Sedangkanunsur ekstrinsikadalah unsur yang membangun cerita dari luar.

Pelajari lebih lanjut

Pelajari lebih lanjut tentang yomemimo.com/tugas/30783253

#BelajarBersamaBrainly #SPJ1

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh YuniarFakhruNisa dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 03 Jul 23