bantu jawab kak, ringkasan Dewi Ruci versi bahasa jawa​

Berikut ini adalah pertanyaan dari cindycehuncehun pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Bantu jawab kak, ringkasan Dewi Ruci versi bahasa jawa​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Dewa Ruci

Kacaritakake Bima ora tenang uripe. Dheweke kepingin nduweni ilmu sing luwih sampurna. Mula, dheweke banjur nemoni gurune, Resi Durna.

Bima cerita apa anane. Resi Durna banjur ngutus Bima supaya nggoleki banyu Tirtapawitrasari ing gunung Candradimuka.

Sadurunge mangkat menyang gunung Candradimuka, Bima pamit karo ibu lan sedulure. Krasa abot banget ibune, Dewi Kunthi ngeculake Bima. Nanging dheweke ora bisa menggak tekade anake.

Ing gunung Candradimuka, Bima ketemu lan tarung lawan raksasa loro, Rukmuka lan Rukmakala. Bima bisa ngalahake raksasa mau. Raksasa malih dadi Bathara Indra lan Bathara Bayu.

Bathara Indra lan Bathara Bayu banjur njelaske yen Tirtapawitrasari ora ana ing gunung kene. Bima dikongkon mulih lan nyuwun supaya gurune luwih jelasake tirta mau.

Bima banjur mulih lan ngadhep gurune, Resi Durna.

Resi Durna njur njelasake yen nembe Bima dites. Resi Durna banjur njelaske yen sabenere tirtapawitra ana ing tengah segara. Kanthi tekad sing temen, Bima menyang segara.

Ing pinggir segara, Bima dadi ragu. Dheweke kepikiran apa bisa dheweke njegur nglangi ing segara sing banget ambane. Bima banjur mentepke atine.

Ing tengah segara, Bima ketemu ula naga. Ora kena ora Bima kudu tarung yen ora kepingin digubed ula mau.

Ula mati lan malih dadi Dewa Ruci. Ing kono Bima diajari bab ilmu kasampurnan sing dipengini. Bima seneng banget amarga bisa meruhi apa sing dikarepake.

Penjelasan:

semoga bermanfaat <3

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh graciawardhana96 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 30 Nov 22