tolong bantuannya ya kak

Berikut ini adalah pertanyaan dari apikvivo5 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Tolong bantuannya ya kak
tolong bantuannya ya kak

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahani ukara basa Ngoko Lugu dadi basa Ngoko Alus (1) lan basa Krama Alus (2)

a. Mengko kowé wae sing teka menyang omahku.

1. Mengko kowé wae sing rawuh menyang omahku.

2. Mangké panjenengan mawon ingkang rawuh dhateng griya kula

b. Aku mau diwenehi dhuwit Mas Bambang limang ewu.

1. Aku mau diparingi dhuwit Mas Bambang limang éwu.

2. Kula wau diparingi arto saking Mas Bambang gangsal éwu.

c. Dhéwéké arep menyang Malang, kowé titip apa ora?

1. Piyambakipun arep dhateng Malang, kowé titip apa ora?

2. Panjenenganipun badhé dhateng Malang, panjenengan badhé titip nopo mboten?

d. Bu Dewi nduwé anak pinter banget nembang Jawa.

1. Bu Dewi kagungan putra pinter bangét nglaras Jawa.

2. Bu Dewi kagungan putra wasis sangét nglaras Jawa.

e. Nalika aku mulih saka sekolahan, mbarengi bapak uga mulih saka kantor.

1. Nalika aku wangsul saka sekolahan, mbarengi bapak uga kondur saka kantor.

2. Natkala kula wangsul saking sekolahan, sesarengan bapak ugi kondur saking kantor.

f. Bapak ibu dikandhani pak Lurah dikongkon ndang mlebu amerga rapat arep dimulai.

1. Bapak ibu dipun sanjangi Pak Lurah dipun kengken ndang mlebet amerga rapat arép dipun mulai.

2. Bapak ibu dipun sanjangi Pak Lurah dipun kengken sumangga mlebet amargi rapat badhé dipun mulai.

g. Mas Agung tekamu kéné mau jam pira lan numpak apa? Piye kabaré?

1. Mas Agung rawuhmu kéné mau jam pira lan nitih apa? Piye kabaré?

2. Mas Agung rawuhipun mriki wau jam pinten lan nitih napa? Pripun pawartasipun?

Penjelasan:

Unggah-ungguh basa Jawa kuwé ana loro, yakuwé ngoko lan krama. Panggonané basa ngoko utawa krama gumantung sapa sing kandha (micara) lan maring sapa anggoné kandha (micara). Basa krama keperang dadi loro yakuwé krama (krama lugu) lan krama alus (krama inggil).

Ngoko lugu kuwé tembung-tembungè kang dienggo nang ukara basa ngoko lugu kabéh ora kacampur basa krama lugu lan krama alus. Panggonané ngoko lugu yakuwé:

  • maring kanca sebrayan
  • maring wong sing luwih enom nanging wis kenal raket
  • maring kanca sing wis raket banget

_________________________

Ngoko alus kuwé tembung-tembungé kang dienggo nang ukara nganggo basa ngoko kacampuran krama lugu. Panggonané basa ngoko alus yakuwé:

  • maring wong sing tembe tetepungan/kenal
  • maring bocah cilik
  • maring kanca sing ora raket
  • maring wong sing luwih tuwa

_________________________

Krama (krama lugu) kuwé tembung-tembungé kang dienggo nang ukara basa krama kabeh (krama madya/lugu), ora kacampur karo basa ngoko lan krama alus. Panggonané basa krama (krama lugu) yakuwé:

  • maring kanca anyar
  • maring wong sing tembé tetepungan/kenal
  • basa kanggo awaké dhéwék
  • maring kanca sebrayan/sepantaran

_________________________

Krama Alus (krama inggil) kuwé tembung-tembungé kang dienggo nang ukara basa krama alus kabéh, ora kacampur basa krama lugu/madya lan basa ngoko. Panggonané basa krama alus yakuwé:

  • anak maring wong tuwa
  • putu maring simbah
  • andhahan maring pimpinan
  • maring wong sing durung kenal

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NadiaNadhimHas dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 13 May 23