ubah ke dalam krama alus7. Bulik nggawa oleh-oleh khas Temanggung

Berikut ini adalah pertanyaan dari agustdaristya pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Ubah ke dalam krama alus7. Bulik nggawa oleh-oleh khas Temanggung arep diwenehake Simbah. 8. Ibu lara watuk nganti sepuluh dina suwene, saiki wis mari watuke.
9. Joko mlaku menyang sekolahan, dene Bu guru numpak motor matic.
10. Para tamu sing padha teka banjur nulis jeneng lan tandha tangan ing meja reseptionis​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Owahana tembung ing ngisor iki dadi basa krama alus

Wangsulan:

7. Basa ngoko lugu:

Bulik nggawa oleh-oleh khas Temanggung arep diwenehake Simbah.

Basa krama alus:

Bulik ngasta oleh-oleh khas Temanggung badhe dipun aturaken Simbah

8. Basa ngoko lugu:

Ibu lara watuk nganti sepuluh dina suwene, saiki wis mari watuke.

Basa krama alus:

Ibu gerah watuk sedoso dinten laminipun, sak menika sampun saras watukipun

9. Basa ngoko lugu:

Joko mlaku menyang sekolahan, dene Bu guru numpak motor matic.

Basa krama alus:

Joko mlampah dhateng sekolahan, menawi Bu guru nitih motor matic

10. Basa ngoko lugu:

Para tamu sing padha teka banjur nulis jeneng lan tandha tangan ing meja reseptionis

Basa krama alus:

Para tamu ingkang rawuh lajeng nyerat asma lan tapak asma dhateng meja resptionis

Penjelasan:

ngoko lugu yaiku basa kang migunakake basa ngoko kabeh ora kecampuran basa krama

ngoko alus yaiku basa ngoko kang kecampuran basa krama

krama lugu

yaiku basa kang tetembunge nganggo krama kabeh ananging wuwuhane isih nanggo basa ngoko

krama alus yaiku basa kang migunakake basa krama kabeh

Panganggone Unggah-Ungguh Basa

Basa ngoko lugu:

  • Sapdha utawa sapantaran sing wis kulina (sabendina pethuk)
  • Duwuran marang andhahan
  • wong tuwa marang wong enom

Basa ngoko alus:

  • wong enom maramg wong tuwa
  • wong sing luwih dhuwur derajate

Basa krama lugu:

  • marang wong sing sedrajat amarga durung kulina

Basa krama alus:

  • wong enom marang wong tuwa
  • wong sing luwih duwur derajate

_______________________________

Pelajari lebih lanjut

Materi tentang basa ngoko lan krama

yomemimo.com/tugas/1112469

Tuladha basa krama alus

yomemimo.com/tugas/809883

________________________________

Detail jawaban

Mapel: Bahasa Daerah

Materi: Basa ngoko lan basa krama

kata kunci: Basa ngoko lan basa krama

Kelas: 10 SMA

Kode soal: 13

kode kategorisasi: 10.13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Jofia11 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 29 Apr 23