Tolong bantu buat geguritan (puisi) sandi asma A N I

Berikut ini adalah pertanyaan dari anisanurkholifah14 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Tolong bantu buat geguritan (puisi) sandi asma A N I S A N U R K H O L I F A H​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Gawe Geguritan Sandi Asma saka jeneng Anisa Nur Kholifah

Ngugemi Gegayuhan

Aku pengen mbesok dadi wong gedhe

Nyonggo abot saiki

Isih ngrasakake soro

Susah lan angel

Apa wae bakal tak lakoni

Nemoni mulya ing mburi

Uga kepethuk samurang kang kepenak

Rasane wis dadi gegayuhanku

Kadang kala

Hawane ati pancen ngresula

Ora mungkin ngrasakake bungah selawase

Liwat dalan kang akeh krikile

Isih ana wae alangan ing ngarep mripat

Fikiran sumugih janji

Ananging kadang ora padha karo ati

Hawane ati ditata supaya ngugemi gegayuhan

________________________________

PEMBAHASAN:

Geguritan yaiku salah sawijining karya sastra kang awujud saka rasa ing ati kang diungkapake pangripta (penyair) nganggo basa kang duwe irama, rima, mitra, bait lan penyusunan lirik kang duwe arti lan ing lirik geguritan.

Geguritan sandi asma yaiku geguritan kang kawitane nanggo jenenge wong.

Carane Gawe Geguritan Nanggo Sandi Asma

  1. Temtokake tema
  2. Temtokake jeneng (asma) utawa ukara kang arep didadekake sandi asma
  3. Atur ukarane kanthi mengisor (vertikal)
  4. Isi saben baris huruf sing mapan mengisor mau
  5. Nggolek diksi utawa milih tembung sing pas karo tema
  6. Ngembangake tembung saka diksi sing wis digoleki mau
  7. Revisi utawa teliti maneh geguritan sandi asma sing wis di gawe

____________________________

Pelajari lebih lanjut

Materi tentang geguritan

yomemimo.com/tugas/9778649

yomemimo.com/tugas/25327613

yomemimo.com/tugas/10892699

Tuladha saka Geguritan

yomemimo.com/tugas/166321

____________________________

Detail jawaban

Mapel: Bahasa Daerah

Kelas: 10

Kode soal: 13

kode kategorisasi: 10.13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Jofia11 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 16 May 23