Novel Wulandari babar pisan ora graita menawa sejatine Rudi wis

Berikut ini adalah pertanyaan dari dkamconsbk pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Novel Wulandari babar pisan ora graita menawa sejatine Rudi wis wiwit ngoncati Wulandari mbaka sethithik. Wulandari lagi ngerti bareng seminggu sadurunge madhep ujian seminggu sadurunge tampa layange Rudi sing dikirim liwat pos. Gawe kaget Wulan dene Rudi kirim layang lewat pos. Mangka adate dititipake Lukman Hakim, mitra rakete Rudi sing omahe ora adoh saka pondokane Wulan. saben dina Lukman Hakim ajeg liwat ngarep omahe Lukman. Yen ana titipan layang saka Rudi banjur diampirake. Nalika iku Wulan reresik awak nanging selak ora srantan, layang engal-enggal kabuka kawaca.Wulan
Aja dadi gela lan larane atimu yen wis maca layang iki. Jalaran kabeh mau dudu karepku pribadi, nanging kersane wong tuwaku lan keluargaku. Keluargaku ora nayogyani sesambungan kita. Mula dak jaluk memitran kita cukup tekan kene wae, disambung paseduluran lumrah tanpa ana rasa apa-apa maneh.

Wulan,
Aku ngerti kaya ngapa cuwa lan larane ing atimu nampa keputusan iki. Nanging kepriye maneh, kuwi sing dikersakake wong tuwaku. Satampane layang iki, lalekna Rudi saka uripmu. Rantasen benang- benang katresnan kang nate ngiket atimu lan atiku. Mbok menawa kita pancen dudu jodhone. Dak kiro ora angel golek gantiku, jalaran akeh priya kang ngarep-arep tetesing katresnanmu. Kang pungkasan aku nyuwun pangapura lan pangertenmu. Rudy cahyadi Sumrepet panone kaya sinamber gelap luput. Layang diremet kenceng ing epek-epeke nganti krasa loro. Alon eloh bening mili ing pipine kang mangar-mangar jalaran nahan pangrasane. Saya suwi eluh kuwi saya deres, banjur saya suwe saya megap-megap.

Wangsulana pitakon iki !
1. Tulisna paraga kang ana ing pethikan novel kasebut ? 2. Apa kang dirasakna Wulandari ing pethikan novel kasebut, tulisna buktine! 3. Tulisna latar kang ana ing pethikan paragraf kapisan, tulisen buktine. 4. Jelasna watak kang ana ing pethikan paragraf kapisan ! Tulisen buktine. 5. Apa kang diwaca wulan kuwi? 6. Apa isine kang diwaca wulan kuwi? 7. Apa alesane Rudi putus ing memitran? 8. Apa kang dirasakna wulan sawise maca layang kuwi? 9. Panone kaya sinamber gelap pulut, kalebu unsur instrinsik apa? 10. Yen awakmu dadi Wulan Apa kang kudu koklakoni ?​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Bahasa Jawa adalah salah satu bahasa daerah yang digunakan oleh masyarakat Jawa Tengah dan sekitarnya sebagai sarana komunikasi. Miturut soal, kasimpulane yaiku:

  1. Paraga kang ana ing pethikan novel kasebut yaiku Wulan, Rudi, lan Lukman Hakim.
  2. Kang dirasakna Wulandari ing pethikan novel kasebut sedih. Buktine yaiku eloh bening mili ing pipine kang mangar-mangar jalaran nahan pangrasane.
  3. Latar kang ana ing pethikan paragraf kapisan yaiku seminggu sadurunge ujian. Buktine yaiku Wulandari lagi ngerti bareng seminggu sadurunge madhep ujian seminggu sadurunge tampa layange Rudi sing dikirim liwat pos.
  4. Watak kang ana ing pethikan paragraf kapisan yaiku Rudi ngoncati Wulandari.
  5. Kang diwaca Wulan kuwi yaiku layang saka Rudi.
  6. Isine kang diwaca Wulan kuwi yaiku Rudi mutusake memitran karo Wulan.
  7. alesane Rudi putus ing memitran amarga keluargane Rudi ora nayogyani.
  8. Kang dirasakna Wulan sawise maca layang kuwi yaiku sedih lan gela.
  9. Panone kaya sinamber gelap pulut, kalebu unsur instrinsik ragam basa.
  10. Yen dadi Wulan kang kudu koklakoni yaiku ekhlas lan sabar.

Pembahasan:

Bahasa daerah yang ada di Indonesia sangat banyak. Salah satunya yaitu Bahasa Jawa. Bahasa Jawa adalah salah satu bahasa daerah yang digunakan oleh masyarakat Jawa Tengah dan sekitarnya sebagai sarana komunikasi.

Pelajari lebih lanjut

Materi tentang contoh cerita dalam Bahasa Jawa yomemimo.com/tugas/4041231

#BelajarBersamaBrainly

#SPJ1

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh ariefikhwanw dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 07 Dec 22