A.RURA BASADina iki sawise ngaso wulangane Pak Harsa. Bocah-bocah wis

Berikut ini adalah pertanyaan dari defa2813 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

A.RURA BASADina iki sawise ngaso wulangane Pak Harsa. Bocah-bocah wis padha nyiapake buku basa Jawa. Ora let suwe Pak Harsa rawuh.


Pak Harsa:

"Assalaamu 'alaikum Warohmatullaahi Wabarokaatuh".


Bocah-Bocah:

"Wa 'alaikum salam Warohmatullaahi Wabarokaatuh".


Pak Harsa:

"Sapa sing dina iki ora mlebu?"


Ketua Kelas:

"Barata, Pak. Nalika mangkat wau, piyambakipun nyrempet tiyang mikul dhawet, Barata dhawah, suku lan tanganipun sami lecet, mila piyambakipun nyuwun pamit mboten mlebet sekolah."


Pak Harsa:

"O... ngono, ya mengko sing omahe cedhak karo Barata niliki kepiye kahanane. Nanging apa iya ana wong kok bisa mikul dhawet, kamangka dhawet kuwi wujude cilik-cilik, lemes lan ngemu banyu terus piye anggone mikul?


Annisa:

"Dipunwadhahi, Pak!"


Pak Harsa:

"Bener kuwi, dadi sing dipikul dudu dhawete, nanging pikulan kanggo mikul wadhah kang isi dhawet. Nah, basa kang salah nanging ora lumrah dienggo iki sing arane Rura Basa. Coba saiki goleka tuladha liyane!"


Barzia:

"menek jambu,ingkang dipunpenek witipun, negor pelem ingkang dipuntegor ugi witipun."


Pak Harsa:

"Ya, ya, bener. Wis saiki kowe kabeh goleka tuladha liyane, şaben bocah nulis tuladhane rura basa lima bae!


PAPAN KANGGO NULIS TULADHA RURA BASA
1)........................
2).......................
3).......................
4).......................
5).......................​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

PAPAN KANGGO NULIS TULADHA RURA BASA

1) Adang sega = adang beras supaya dadi sega.

2) Jaga gardhu = njaga keamanan nanging manggon ing gardhu.

3) Ndudhuk sumur = ndundhuki lemah digawe sumur.

4) Netel jadhah = netel ketan mateng supaya dadi jadhah.

5) Nguleg sambel = nguleg lombok supaya dadi sambel.

__________________

Pembahasan

Pangerten tetembungan Rurabasa yaiku tetembungan sing ajeg panggonane sanajan salah kaprah.

Tuladha :

  1. nunggu manuk = nunggu sawah supaya parine ora dipangan manuk.
  2. nglinthing rokok = nglinthing klobot karo mbako supaya dadi rokok.
  3. mbathik sewewk = mbathik kain mori supaya dadi sewek.

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 6
  • Materi : Tembung Rurabasa
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 02 May 22