monolog bahasa jawa tema bebas

Berikut ini adalah pertanyaan dari putrinaurah pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Monolog bahasa jawa tema bebas

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

contoh Naskah Teks Monolog Bahasa Jawa Singkat yang Menarik – Sejumlah ahli bahasa mengatakan kalau monolog berasal dari bahasa yunani yang tersusun dari kata mono dan legein.

mono memiliki makna satu sementara legein memiliki makna bicara. sehingga dapat dimaknai bahwa monolog adalah satu orang bicara.

jika dilihat dari tata cara melakukannya, monolog dapat digolongkan ke dalam seni teater.

jika kamu ingin membuat naskah monolog ada beberapa hal yang harus diperhatikan. Hal ini dikarenakan monolog yang baik harus mencakup sejumlah aspek.

• Kesesuaian tema

• Penguasaan karakter

• Penguasaan panggung

• Properti dan kostum

• Dekorasi

• Vokal dan intonasi

Setelah mengetahui aspek-aspeknya. Kini waktunya kamu baca contoh naskah teks monolog bahasa Jawa di bawah ini.

Contoh Teks Monolog Bahasa Jawa

Nalika Aku Dhapuk Dadi As*

Dina iki aku dilairake maneh. Ora kaya padatane, dina iki lair maneh kanthi wujud asu.

Aku ngerti ana saperangan manungsa kang nganggep asu kewan paling nistha. Nanging aku ora trima karo penganggep kuwi.

Jalaran akeh sing nganggep asu kuwi mujudake mitrane manungsa kang paling setya.

Senajan blegerku iki asu lan sikilku dhingklang pisan nanging aku babar pisan ora nggresah marang Gusti kang wis menehi aku wektu nyecep endahing donya.

Pasar kulon desa kae wis dadi papan panguripanku saben dina. Ya ing papan iku aku nggantungake uripku saben dina. Ing kono wis cumepak panganan maneka werna.

Wiwit panganan kelas rakyat nganti konglomerat uga wis sarwa cumepak tur ora perlu mbayar. Coba pikiren kurang apa maneh uripku iki.

Upama yen dibandhingake marang uripe manungsa rak ya beda adoh. Aku ora sarujuk yen manungsa diarani makhluk kang paling mulya.

Akeh banget tumindake bangsaku sing luwih apik tinimbang manungsa. Pancen aku iki asu cilik sing penggaweyane ngorak-ngraik reregedan kanggo mangan iku ngono rak ya lumrah ingatase aku iki mung kewan cilik tanpa daya.

Coba luwih reged endi yen dibandhingake tumindake pejabat-pejabat sing lungguh nang gedhung kang tingkat kae.

Senajan katone wong-wong kae lungguh ing dampar kencana sarta ruwangane sarwa AC kae. Pancen sandhangane sarwa resik tur wangi. Iku yen disawang teka panyawange manungsa.

Coba sampeyan nyawange saka panyawangku. Panyawange asu cilik tanpa daya. Saka pucuke rambut nganti pucuke sikil samesthine sampeyan bakal meruhi apa wae kang tinulis ing sandhang penganggone para pejabat sing khianat marang rakyat kae.

Apa maneh nalika sampeyan nyawang apa kang didhahar para pejabat khianat mau. Panganane mesthi kelas elit. Rega panganane bisa kanggo mangan rakyate sewulan .

Perkara rega jane ngono ora dadi ngapa nanging sing dadi perkara ing kene saka ngendi dhuwit kanggo mbayar panganan mau.

Nalika daktlesih lumantar kandhane balung turahane pejabat mau aku lagi ngerti yen dhuwit kanggo mbayar iki ngono jane dhuwite rakyat.

Jarene para pejabat ngono dhuwite rakyat iku rasane luwih nikmat. Hla nek ngene rak ya kojur tenan.

Aku ora percaya yen ing sajroning atine manungsa isih ana tresna. Maksudku dudu tresna kang ngandhut talining asmara. Nanging tresna minangka jejere sapadhaning titah kang jumangkah ing alam donya.

Kandhaku iki ora nganyuwara nanging iki ngono jarene kancaku sing manggon ing ngisor bangjo kulon bale desa kae.

Yen miturut kandhane ngakeh, kancaku iki edan. Nanging kanggoku ora dheweke iku malah dakanggep manungsa waras saka manungsa sing paling waras.

Jarene nalika semana. Wektu iku ngarepake magrib, wiwit sore udane deres banget. Banjur aku ngiyup ing pos kamling.

Ya ing pos kamling iki aku tetepungan karo kancaku mau. Dheweke ngaku yen duwe jeneng Parto.

Saka patepungan mau aku lagi weruh yen manungsa iku senengane nyacat siji lan sijine. Aku dhewe sempet ora percaya marang kandhane Parto mau.

Amarga ora ana siji-sijiya makhluk ing alam donya kang sampurna. Isih jarene Parto ana saperangan manungsa ang senengan rerasan ngenani wadining liyan.

Wewadi sing samesthine disimpen rapet nanging malah diumbar kaya barang dagangan wae.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NabilaCarissaputri08 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 30 Apr 23