Soal. 1. Apa sing diarani basa Ngoko lugu? 2. Kepiye

Berikut ini adalah pertanyaan dari abimayusaputra1 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Soal. 1. Apa sing diarani basa Ngoko lugu? 2. Kepiye panganggone Ngoko lugu? 3. Gawea 3 tuladha ukara sing migunakake Ngoko lugu! 4. Apa sing diarani basa Ngoko alus? 5. Kepiye panganggone Ngoko alus? 6. Gawea 3 tuladha ukara sing migunakake Ngoko alus! 7. Apa sing diarani basa krama lugu? 8. Kepiye panganggone krama lugu? 9. Gawea 3 tuladha ukara sing migunakake krama lugu! 10. Apa sing diarani basa krama alus? 11. Kepiye panganggone krama alus? 12. Gawea 3 tuladha ukara sing migunakake krama alus!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

1. ngoko lugu yaiku basa kang migunakake basa ngoko kabeh ora kecampuran basa krama

2. panganggone Ngoko lugu

  • sapdha-padha sing wis kulina
  • dhuwuran marang andhahan
  • wong tuwa marang wong enom

3. tuladha ukara ngoko lugu

  • Bapak arep tuku sego goreng
  • Ibu lunga menyang pasar mau esuk
  • Aku arep dolan menyang omahe simbah

4. ngoko alus yaiku basa ngoko kang kecampuran basa krama

5. panganggone ngoku alus

  • sedulur enom marang sedulur tuwa
  • wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajate luwih dhuwur

6. tuladha ukara ngoko alus

  • Bapak arep tindhak menyang daleme simbah
  • Simbah dhahar jeruk mau esuk
  • Ibu mundhut sepatu karo buku kanggo adek

7. krama lugu yaiku basa kang tetembunge nganggo krama kabeh ananging wuwuhane isih nanggo basa ngoko

8. panganggone krama lugu

  • marang wong sing sadrajat amarga durung raket

9. tuladha ukara krama lugu

  • Ibu badhe kesah mangke sonten
  • Bapak nedha sekul pecel kaliyan tempe goreng
  • Simbah badhe tilem dhateng kamar ngajeng

10. krama alus yaiku basa kang migunakake basa krama kabeh

11. panganggone krama alus

  • wong enom marang wong tuwa
  • marang wong sing luwih dhuwur drajate

12. tuladha ukara krama alus

  • Simbah ngunjuk jampi amarga gerah waja
  • Ibu tindhak dhateng peken kala wingi
  • Bapak mundhut gendhis kaliyan sarem dhateng wandhe

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Jofia11 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 26 Dec 22