tolong buatkan geguritan menggunakan bahasa rinengga dengan awalan huruf depan

Berikut ini adalah pertanyaan dari apinanjarety pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

tolong buatkan geguritan menggunakan bahasa rinengga dengan awalan huruf depan A.P.I.N.A.N.J.A.R.E.T.T.Y.​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Nggayuh Lintang

Aku pengen nggayuh lintang

Paribasane ora mungkin

Isih tak lakoni

Nemoni kepenak ing mburi

Abot tak rasakake

Nanging percaya mbesok bakal mulya

Jalaran saka olehe rekasa

Angger gelem kangelan saiki

Rumangsa ati lan pikiran nelangsa

Eling ancas ing kawiwitan

Tansah ngupaya mesti bisa

Tansah dedonga marang Gusti

Yen pengen nemoni kamulyan

_______________________________

PEMBAHASAN:

Geguritan yaiku salah sawijining karya sastra kang awujud saka rasa ing ati kang diungkapake pangripta (penyair) nganggo basa kang duwe irama, rima, mitra, bait lan penyusunan lirik kang duwe arti lan ing lirik geguritan.

Geguritan Sandi Asma

Geguritan sandi asma yaiku geguritan kang kawitane nanggo jenenge wong.

Carane Gawe Geguritan Nanggo Sandi Asma

  1. Temtokake jeneng (asma) utawa tembung kang arep didadekake sandi asma
  2. Atur tembung kanthi mengisor (vertikal)
  3. Isi saben baris huruf sing mapan mengisor mau
  4. Nggolek diksi utawa milih ukara sing pas karo tema
  5. Ngembangake tembung saka diksi sing wis digoleki mau
  6. Revisi utawa teliti maneh geguritan sandi asma sing wis di gawe

____________________________

Pelajari lebih lanjut

Materi tentang geguritan

yomemimo.com/tugas/9778649

yomemimo.com/tugas/25327613

yomemimo.com/tugas/10892699

Tuladha saka Geguritan

yomemimo.com/tugas/166321

____________________________

Detail jawaban

Mapel: Bahasa Daerah

Materi: Gawe geguritan Saka Sandi Asma

Kelas: 10

kata kunci: geguritan

Kode soal: 13

kode kategorisasi: 10.13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Jofia11 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 22 May 23