9. Palarapaning panganten putri sinungging pepaes awarna kresna, ireng meles,menges,

Berikut ini adalah pertanyaan dari madurilailatul pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

9. Palarapaning panganten putri sinungging pepaes awarna kresna, ireng meles,menges, anjanges pantes. Cecundhuk pinetha wulan tumunggal, denapit centhung
kanan kering, lir peksi jiwa-jiwa. Cundhuk mentul pinasang titi tata pinatut, katiyub
ing maruta sumilir kadi kembang dewadaru. Lamun ginupit ing wardaya kadya
astane kenya sulistya angawe-awe mring kekasihe. Ukel kapetha bokor mengkureb
kapenet ing sesekaran pinilih, sinegsa ing sarana kang sarwa manik, amung
amimbuhi kasulistyane risang penganten putri, kadya Bathari Ratih angejawantah.
Sajroning teks ing ndhuwur tinemu anane purwakanthi guru swara, yaiku ....
A. kadya Bathari Ratih angejawantah.
B. katiyub ing maruta sumilir kadi kembang dewadaru.
C. pinasang titi tata pinatut
D. ireng meles, menges, anjanges pantes.
E. kadya astane kenya sulistya angawe-awe

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ D. ireng meles, menges, anjanges pantes.

Penjelasan

{Purwakanthi}

a. Purwakanthi guru swara : yaiku aksara swara (vokal), swarane kang runtut.

Tuladha :

  1. Yen gelem obah bakal mamah.
  2. Witing tresna jalaran saka kulina.

b. Purwakanthi guru sastra : yaiku aksara sastra sing runtut nurut ngarep aksara sigeg (konsonan).

Tuladha :

  1. Dhasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebet.
  2. Sing sapa salahbakaleseleh.

c. Purwakanthi guru basa/lumaksita : yaiku purwakanthi kang ngurutake wanda (suku kata) utawa tembung.

Tuladha :

1. Angele sok ginawe dhewe,

dheweke tan ngrasa bisa.

2. Tresna iku rasa,

Rasa kang tanpa dhasar.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 9

Materi : Piwulang - Purwakanthi

Kata Kunci : Purwakanthi guru swara

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 9.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 17 Jul 21