Galuh Ajeng serik atine karo Dewi Sekartaji amarga kalah ayu,

Berikut ini adalah pertanyaan dari marilagustian35 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Galuh Ajeng serik atine karo Dewi Sekartaji amarga kalah ayu, banjur golek dalan kanggo nyingkirake Dewi Sekartaji. Saka dhukun tenung, Galuh Ajeng oleh endhog sing wis dijampi-jampi kanggo disisipake ing dhaharane Dewi Sekartaji. Sawise Dewi Sekartaji dhahar endhog mau, sakujur awake Dewi Sekartaji krasa gatel, padha mlepuh, lan ngetokake ganda amis. Sadhar yen larane ora biasa, Dewi Sekartaji banjur sowan bibine yaiku Dewi Kilisuci pertapan Guwa Selomangleng. “Laramu iki ora lara sembarangan, nanging kowe aja was-sumelang. Yen kowe bisa sabar, gelem ngupaya golek tamba, lan pasrah marang Gusti Kang Maha Kawasa, kowe malah bakal oleh kanugrahan,” ngendikane Dewi Kilisuci manteb.3. Wacan cerita rakyat iki nduweni piweling (pesan moral)

A. Dadi wong kudu bisa mbales marang wong seng wes nglarani atine dewe.
B. Dadi wong kudu bisa sabar, pasrah marang Gusti senajan diireni wong liya.
C. Ojo seneng gawe cilaka marang wong liya amarga iri karo dunya bandane.
D. Sing seneng tetulung marang wong liya ben ora was sumelang uripe.​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Wacan cerita rakyat iki nduweni piweling (pesan moral). . .

➡️ B. Dadi wong kudu bisa sabar, pasrah marang Gusti senajan diireni wong liya.

Penjelasan

  • Ing wacan dijelasake, yen Galuh Ajeng iku iri marang Dewi Sekartaji amarga ayune. Banjur, Dewi Sekartaji njaluk tulung bibine, bibine kandha yen dheweke kudu tansah sabar lan pasrah marang Gusti Kang Maha Kuwasa supaya entuk kanugrahan linuwih.

Crita rakyat yaiku cerita kang ora nyata (fiksi) dumadi ing sawijining wektu lan kanthi gethok tular diceritakake dening masyarakat. Crita kasebut banjur diarani cerita rakyat.

» Titikane crita rakyat :

  1. Panyebarane kanthi lisan (turun-temurun)
  2. Sipate tradhisional
  3. Sugih cakrek lan variasi
  4. Anonim (ora dingerteni sapa sing nganggit)
  5. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.

» Mupangate crita rakyat :

  1. Mupangat rekreatif » menehi rasa seneng lan kanggo hiburan. (panglipur)
  2. Mupangat dedaktif » isine ndhidik sing maca amarga ana nilai-nilai kabeneran lan kaapikan ing njerone.
  3. Mupangat estetis, yaiku menehi nilai-nilai kaendahan. (Estetis = endah.)
  4. Mupangat moralitas, yaiku menehi nilai-nilai moral kang dhuwur saengga sing maca bisa mangerteni apik lan elek.
  5. Mupangat religiusitas, yaiku ngandhut ajaran agama kang bisa didadekake tuladha.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang - Crita rakyat

Kata Kunci : Amanat crita rakyat

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 29 Jul 21